Dhaniel 11:22-28 JAV

22 Wadya-bala kang teka lan mbanjiri bakal diesatake tuwin disirnakake ana ing ngarepe, malah uga ratu sekuthone.

23 Wiwit anggone gawe prajanjian kalawan dheweke, bakal atindak culika sarta bakal maju lan dadi mundhak gedhe pangwasane, sanadyan balane sathithik.

24 Ora kanyana-nyana banjur lumebu ing wilayah-wilayah ing nagara iku kang subur dhewe sarta nindakake kang durung tau dilakoni dening para bapa lan leluhure, yaiku ngawud-awud rayahan lan jarahan sarta raja-brana ana ing satengahe rakyate; uga bakal ngrerantam-rantam tumuju marang panggonan-panggonan kang ana betenge, nanging iku mung sawatara mangsa.

25 Pangwasane lan kakendelane bakal dianggo nglawan ratuning nagara Kidul kalawan migunakake wadya-bala akeh; lan sanadyan ratu ing nagara Kidul iku bakal siyaga perang kalawan wadya-balane kang akeh banget lan kang linuwih, nanging ora bisa nanggulangi, awit ana pangrencana kang katujokake marang dheweke,

26 lan wong-wong kang padha mangan tunggal sameja bakal ndadekake bilaine: wadya-balane bakal kentas sarta akeh wonge kang tiwas pinatenan.

27 Ratu sakarone padha duwe kekarepan kang ala; nalika padha lungguh bebarengan ngadhep meja, padha goroh-ginorohan; nanging bab iku bakal tanpa gawe, amarga durung tumeka ing titi-mangsane wekasaning jaman kang kapesthekake.

28 Ratu ing tanah Lor iku banjur bakal bali menyang ing nagarane kalawan nggawa raja-brana akeh, sarta atine ngrancang arep nglawan Prajanjian Suci, lan iku iya tumuli katindakake, banjur mulih menyang ing nagarane.