9 Nanging panjenengane mangsuli, pangandikane: “Wis ta, Dhaniel, lungaa awit pangandika iki bakal tetep winadi lan segelen nganti wekasaning jaman.
10 Akeh wong kang bakal kasucekake lan diresiki sarta diuji, nanging para wong duraka bakal tumindak duraka; wong duraka iku ora ana siji-sijia kang bakal mengreti, nanging para wong wicaksana bakal mangreti.
11 Wiwit kasuwake kurban dinan lan madege dewa-dewaning kanisthan kang ngrerusak iku ana sewu rong atus sangang puluh dina.
12 Rahayu wong kang tetep nganti-anti tumeka sewu telung atus telung puluh lima dina.
13 Nanging kowe, lestaria nganti tumeka ing wekasaning jaman, kowe bakal ngaso lan tangi nampani pandumanmu besuk ing wekasaning jaman.”