10 Unjuk wangsulane para wong Kasdim mau marang Sang Prabu: “Boten wonten tiyang satunggal kemawon ing salumahing bumi ingkang saged ngunjuki uninga bab pamundhutipun gusti kawula Sang Prabu! Saha boten nate wonten ratu, ingkang sanadyan kadospundi kemawon agungipun saha agenging pangwaosipun mundhut ingkang makaten punika dhateng satunggaling sarjana, juru gendam utawi satunggaling tiyang Kasdim.
11 Pamundhutipun gusti kawula punika langkung dening awrat, saha boten wonten tiyang satunggal-tunggala ingkang saged ngunjuki uninga bab punika dhumateng gusti kawula Sang Prabu, kejawi para dewa ingkang boten dedunung wonten ing tengahipun manungsa.”
12 Marga saka iku Sang Prabu banjur duka banget lan bendu sarta dhawuh nyirnakake kabeh wong wicaksana ing Babil.
13 Nalika dhawuh saupaya para wong wicaksana padha dipateni mau kaundhangake, Dhaniel dalah kanca-kancane uga kaancam bakal pinatenan.
14 Dhaniel banjur matur kalawan kalimpadaning budi tuwin kawicaksanan marang Sang Ariokh, panggedhening prajurit pangawaling Sang Prabu, kang wus mangkat arep mateni para wong wicaksana ing Babil mau,
15 ature marang Sang Ariokh, panggedhe abdine Sang Prabu mangkene: “Punapa sababipun, dene Sang Prabu ngundhangaken dhawuh ingkang samanten awratipun punika?” Sang Ariokh banjur nerangake bab iku marang Dhaniel.
16 Dhaniel nuli sowan marang ing ngarsane Sang Prabu lan nyuwun,supaya kaparingana wektu kanggo ngunjuki uninga bab maknane marang Sang Prabu.