Dhaniel 2:22-28 JAV

22 iya Panjenengane iku kang mbuka bab-bab kang ora kinira-kira lan kang samar; Panjenengane nguningani apa kang ana ing pepeteng, apadene pepadhang dumunung ana ing Panjenengane.

23 Dhuh Allahipun leluhur kawula, Paduka kawula pepuji lan kawula luhuraken, amargi Paduka karsa ngganjar dhumateng kawula kawicaksanan saha kasantosan, sarta sapunika sampun paring sumerep dhumateng kawula sadaya bab prakawisipun Sang Prabu.”

24 Awit saka iku Dhaniel banjur nemoni Sang Ariokh, kang wus kaparingan dhawuh dening Sang Prabu supaya nyirnakake para wong wicaksana ing Babil; nuli mangkat lan matur mangkene: “Para tiyang wicaksana ing Babil punika sampun ngantos panjenengan sirnakaken! Panjenengan kula aturi nyowanaken kula dhateng ing ngarsanipun Sang Prabu, mangke kula badhe ngunjukaken maknanipun dhumateng Sanga Prabu!”

25 Dhaniel banjur enggal-enggal kasowanake dening Sang Ariokh marang ing ngarsane Sang Prabu sarta tumuli dianjukake marang Sang Prabu mangkene: “Abdi dalem kawula sampun manggih satunggaling tiyang panunggilanipun tiyang boyongan saking tanah Yehuda, ingkang saged ngunjuki uninga dhumateng Sang Prabu bab maknanipun.”

26 Dhaniel kang jenenge Beltsazar nuli kadangu dening Sang Prabu: “Apa kapara nyata sira bisa ngunjukake marang ingsun supena kang wus ingsun pirsani dalah samaknane pisan?”

27 Dhaniel mangsuli, mangkene unjuke marang Sang Prabu: “Wewados, ingkang kadangokaken dening gusti kawula Sang Prabu, punika boten saged kauningakaken dhumateng Sang Prabu dening tiyang wicaksana, juru gendam, sarjana utawi ahli nujum.

28 Namung kemawon ing swarga wonten Allah ingkang mbuka wewados-wewados; Panjenenganipun sampun paring sumerep dhumateng gusti kawula Sang Prabu Nebukadnezar bab punapa ingkang badhe kalampahan ing dinten-dinten ingkang badhe dhateng. Wondene supena saha wahyu-wahyu ingkang kapirsanan dening gusti kawula wonten ing pasarean punika makaten: