30 Wondene kawula sampun kaparingan sumerep bab wewados punika, boten margi saking kawicaksanan ingkang bokmanawi wonten ing kawula punika nglangkungi kawicaksananipun sadaya tiyang ingkang gesang, nanging punika supados maknanipun kauningakna dhumateng gusti kawula Sang Prabu, punapa dene supados gusti kawula mirsaa punapa ingkang ginalih dening gusti kawula.
31 Dhuh Sang Prabu, gusti kawula mirsa satunggaling wahyu, inggih punika satunggaling reca ingkang ageng sanget! Reca punika inggil, mencorong ngedab-edabi, ngadeg wonten ing ngarsanipun gusti kawula, sarta katingal nggegirisi.
32 Wondene reca punika, sirahipun kencana murni, dhadha kaliyan tanganipun salaka, weteng tuwin lambungipun tembaga,
33 pupunipun tosan, sukunipun saperangan tosan lan saperangan lempung.
34 Salebetipun gusti kawula mirsani, tanpa pandameling tangan manungsa, wonten sela ingkang mlesat nempuh reca wau kaleres ing sukunipun tosan saha lempung ngantos remuk.
35 Sami sanalika ingkang tosan, lempung, tembaga, salaka saha kencana sami remuk, tuwin sadaya dados kadosdene mrambut wonten ing panuton ing mangsa benter, tumunten kabur ing angin, satemah tilas-tilasipun boten wonten ingkang pinanggih. Dene sela ingkang nempuh reca wau dados redi ageng ingkang ngebaki salumahing bumi sadaya.
36 Punika supenanipun gusti kawula, lah sapunika maknanipun badhe sami kawula unjukaken dhumateng gusti kawula Sang Prabu: