Dhaniel 2:4-10 JAV

4 Para wong Kasdim iku banjur padha munjuk marang Sang Prabu (ing basa Aram): “Dhuh Sang Prabu! Mugi langgenga kasugengan dalem! Mugi karsaa paring sumerep bab supena punika dhateng para abdi dalem, mangke kawula badhe ngunjukaken maknanipun.”

5 Nanging paring wangsulane Sang Prabu marang wong Kasdim mau: “Ingsun wus damel putusan, yaiku manawa sira ora padha ngunjuki uninga marang ingsun bab supena iku lan maknane, sira mesthi bakal padha katengkel-tengkel sarta omahira bakal padha karubuhake kadadekake tumpukan uwuh,

6 nanging manawa sira padha bisa ngunjuki uninga bab supena lan maknane, sira bakal padha tampa ganjaran, peparing lan kaurmatan kang gedhe saka ingsun. Mulane padha ngunjukana uninga marang ingsun bab supena iku lan maknane!”

7 Wong-wong mau padha munjuk maneh: “Sumangga gusti kawula Sang Prabu kawula aturi ngandikakaken supena punika dhateng para abdi dalem punika, mangke kawula sami badhe ngunjukaken maknanipun.”

8 Sang Prabu mangsuli, pangandikane: “Ingsun mirsa ing satemene, manawa sira padha ngudi ngulur-ulur wektu, awit sira padha sumurup, yen ingsun wus damel putusan,

9 yaiku manawa sira ora padha ngunjuki uninga marang ingsun bab supena iku, sira bakal padha kena ing paukuman kang padha; sarta ingsun mirsa, manawa sira wus padha saiyeg bakal munjuk marang ingsun bab-bab kang ora nyata lan dora, nganti kaanan salin. Awit saka iku unjukna supena iku marang ingsun, supaya ingsun uninga, manawa sira padha bisa ngaturake maknane uga marang ingsun.

10 Unjuk wangsulane para wong Kasdim mau marang Sang Prabu: “Boten wonten tiyang satunggal kemawon ing salumahing bumi ingkang saged ngunjuki uninga bab pamundhutipun gusti kawula Sang Prabu! Saha boten nate wonten ratu, ingkang sanadyan kadospundi kemawon agungipun saha agenging pangwaosipun mundhut ingkang makaten punika dhateng satunggaling sarjana, juru gendam utawi satunggaling tiyang Kasdim.