1 Sang Prabu Nebukadnezar yasa reca kencana kang dhuwure sawidak asta lan ambane nem asta, kang diadegake ana ing lebak Dura ing wilayah Babil.
2 Sang Prabu Nebukadnezar banjur nimbali nglumpuk para wakil-raja, para kang ngasta pangwasa, para bupati, para penasehating nagara, para juru gedhong, para hakim, para ahli hukum lan sakehe kepala daerah, kadhawuhan njenengi anggone ngresmekake reca kang wus diadegake dening Sang Prabu iku.
3 Para wakil-raja, para kang ngasta pangwasa, para bupati, para penasehating nagara, para juru gedhong, para hakim, para ahli hukum lan sakehing kepala dhaerah padha nglumpuk prelu njenengi anggone ngresmekake reca kang wus kaadegake dening Sang Prabu Nebukadnezar mau.
4 Nuli ana abdi duta kang nguwuh-uwuh kalawan swara sora: “Mangkene kang kadhawuhake marang sira kabeh, heh para bangsa, suku bangsa lan kang basane apa bae:
5 samangsa sira padha krungu swaraning kalasangka, suling, clempung, rebab, gambus, slompret lan unen-unen liya-liyane, sira banjur padha nyembaha marang reca kang wus kaadegake dening Sang Prabu Nebukadnezar iku.