10 Gusti kawula Sang Prabu sampun ngundhangaken dhawuh, bilih saben tiyang ingkang mireng ungelipun kalasangka, suling, clempung, rebab, gambus, slompret tuwin ungel-ungelan warna-warni, kedah sujud nyembah dhateng reca kencana punika,
11 saha bilih sinten ingkang boten sujud nyembah, badhe kacemplungaken ing pawon ingkang murub.
12 Wonten tiyang Yahudi sawatawis, ingkang sampun pinasrahan paprentahan ing wilayah Babil dening gusti kawula, inggih punika Sadrakh, Mesakh tuwin Abednego, tiyang punika boten sami mreduli dhateng dhawuhipun gusti kawula, dhuh Sang Prabu: sami boten memuja dhateng dewanipun gusti kawula saha sami boten nyembah dhateng reca kencana, ingkang sampun kaadegaken dening gusti kawula.”
13 Ing kono Sang Prabu Nebukadnezar kalawan duka lan bendu dhawuh, supaya Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego disowanake. Bareng wus padha sowan ing ngarsane Sang Prabu,
14 Sang Prabu Nebukadnezar ngandika: “Apa bener, he Sadrakh, Mesakh lan Abednego, yen sira ora padha memuja marang dewaningsun lan ora nyembah marang reca emas kang ingsun adegake iku?
15 Ing saikine, manawa sira padha saguh, samangsa sira padha krungu unining kalasangka, suling, clempung, rebab, gambus, slompret lan unen-unen warna-warna, sira padha sujuda marang reca kang ingsun yasa iku! Nanging manawa sira ora padha nyembah, padha sanalika sira bakal kacemplungake ing pawon kang murub. Manawa mangkono dewa ngendi kang bisa ngluwari sira saka ing astaningsun?”
16 Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego banjur munjuk marang Sang Prabu Nebukadnezar: “Boten wonten ginanipun abdi dalem kawula sami ngunjukaken wangsulan ing bab punika dhumateng gusti kawula.