Dhaniel 3:15-21 JAV

15 Ing saikine, manawa sira padha saguh, samangsa sira padha krungu unining kalasangka, suling, clempung, rebab, gambus, slompret lan unen-unen warna-warna, sira padha sujuda marang reca kang ingsun yasa iku! Nanging manawa sira ora padha nyembah, padha sanalika sira bakal kacemplungake ing pawon kang murub. Manawa mangkono dewa ngendi kang bisa ngluwari sira saka ing astaningsun?”

16 Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego banjur munjuk marang Sang Prabu Nebukadnezar: “Boten wonten ginanipun abdi dalem kawula sami ngunjukaken wangsulan ing bab punika dhumateng gusti kawula.

17 Bokbilih Allah kawula, ingkang sami kawula pepuja sagah ngluwari kawula sadaya, kawula inggih sami badhe kaluwaran dening Panjenenganipun saking pawon murub punika, saha saking asta dalem, dhuh Sang Prabu;

18 nanging saupami boten, gusti kawula mugi karsaa nguningani, bilih kawula sami boten badhe memuja dhateng dewanipun gusti kawula, saha boten badhe nyembah dhateng reca kencana ingkang kaadegaken dening gusti kawula punika.”

19 Ing kono Sang Prabu Nebukadnezar luwih dening banget bendune sarta santun pasuryane tumrap Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego; banjur dhawuh, supaya panasing pawon katikelake pitu katimbang karo kang lumrah,

20 sarta dhawuh marang wong kang rosa sawatara saka ing antarane wadya-bala dalem supaya Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego kabanda lan kacemplungake ing pawon kang murub iku.

21 Katelune nuli kabanda, kalawan jubahe, clanane, topine lan pangagemane liyane, banjur kacemplungake ing pawon kang murub.