21 Katelune nuli kabanda, kalawan jubahe, clanane, topine lan pangagemane liyane, banjur kacemplungake ing pawon kang murub.
22 Marga saka wantering dhawuh dalem Sang Prabu, pawon mau dipanasake luwih dening banget, nganti wong-wong kang padha ngangkat ngunggahake Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego iku padha kobong lan padha mati.
23 Nanging katelune yaiku Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego, padha dhawah sajroning pawon murub mau kalawan bebandan.
24 Sawise mangkono Sang Prabu Nebukadnezar kejot lan sanalika banjur jumeneng sarta ngandika marang para mentrine: “Kang kita cemplungake ing geni kalawan bebandan rak telu, ta?” Unjuk wangsulane para priyagung mau marang Sang Prabu: “Inggih leres, dhuh Sang Prabu!”
25 Pangandikane: “Nanging ingsun mirsa wong papat kang lumaku kalawan kapenak ana ing satengahe geni; ora padha ketaton, dene kang kapate iku rupane kaya putraning dewa!”
26 Sang Prabu Nebukadnezar banjur nyelaki lawanganing pawon kang murub iku sarta medhar sabda, pangandikane: “Sadrakh, Mesakh lan Abednego, para abdining Allah kang mahaluhur, metua lan mrenea!” Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego nuli miyos saka ing geni mau.
27 Para wakil-raja, para kang ngasta pangwasa, para bupati lan para mentrining Sang Prabu padha nglempak sarta padha nguningani, yen sarirane priyagung iku padha ora mempan ing geni iku tuwin rema ing mastakane ora geseng, ageme jubah ora apa-apa, malah mambet geni bae padha ora.