10 Anadene wahyu kang ingsun tampi ana ing pasareaningsun iku mangkene: ing tengah-tengahe bumi ana sawijining wit kang dhuwur banget;
11 wit iku dadi gedhe lan kukuh, dhuwure nganti sundhul ing langit lan nganti kena kadeleng saka ing poncot-poncote salumahing bumi kabeh.
12 Godhong-godhonge endah, wohe mbiyet, pametune dadi pangane sarupaning titah; kewan-kewan ing ara-ara padha ngeyub ing sangisore sarta manuk ing awang-awang pada nusuh ana ing pang-pange, apadene sakehing makhluk padha oleh pangan saka ing kono.
13 Sawuse mangkono ing wahyu kang ingsun tampi ana ing pasareaningsun iku katon ana wong jaga, wong suci, kang tumurun saka ing langit;
14 iku nguwuh-uwuh kanthi sora, mangkene pangandikane: Wit iku tegoren lan pang-pange kethokana, godhonge prithilana sarta wohe sebar-sebarna; kewan-kewan cikben padha buyar saka ing sangisore, apadene manuk-manuk saka ing pang-pange!
15 Nanging tunggake tinggalen, tumanceb ing bumi, tinalenana nganggo rante wesi lan tembaga ana ing pasuketan kang seger ing ara-ara, cikben katelesan ing ebuning langit sarta bebarengan karo kewan-kewan oleh panduman suket ing bumi!
16 Atining manungsane cikben salin lan diwenehi atining kewan. Anggone mangkono iku lawase nganti pitung mangsa.