Dhaniel 4:18-24 JAV

18 Iya iku supena kang wus ingsun tampi, ingsun, Prabu Nebukadnezar; saikine sira, Beltsazar, ngunjukna maknane marang ingsun, amarga sakehing wong wicaksana ing karajaningsun padha ora bisa ngunjukake maknane marang ingsun; nanging sira kang bisa, awit sira iku kapenuhan ing rohe para dewa kang suci!”

19 Sang Dhaniel kang asma Beltsazar banjur legeg-legeg nganti kepara suwe, kejot dening panggraitane. Sang Prabu ngandika: “Beltsazar, supena lan maknane aja nganti ngagetake sira!” Unjuke Sang Beltsazar: “Dhuh gusti kawula, supena punika mugi tumanduka dhumateng mengsahipun gusti kawula sarta maknanipun dhateng satrunipun gusti kawula!

20 Wit ingkang kapirsanan ing gusti kawula punika, ingkang dados ageng saha kekah, ingkang inggilipun ngantos sundhul ing langit saha katingal ing salumahing bumi,

21 ingkang ronipun endah-endah saha wohipun mbiyet tuwin kadunungan tetedhan kangge sadaya ingkang gesang, ingkang ngandhapipun kangge pakendelan kewan-kewan ing ara-ara saha pang-pangipun kangge nusuh peksi-peksi ing awang-awang --

22 punika gusti kawula, dhuh Sang Prabu, gusti kawula ingkang sampun dados agung saha santosa, ingkang kamulyanipun wewah-wewah ngantos sundhul ing langit, ingkang pangwaosipun ngantos dumugi ing poncoting bumi!

23 Wondene ingkang kapirsanan dening gusti kawula, inggih punika satunggaling tiyang jagi, tiyang ingkang suci, ingkang tumurun saking langit kalayan nguwuh-uwuh: Wit iki tegoren lan patenana, nanging tunggake cikben kari tumanceb ing lemah, katalenan ing rante wesi lan tembaga ana ing pasuketan kang seger ing ara-ara, lan cikben katelesan ing ebuning langit lan oleh panduman bebarengan karo kewan-kewan ing ara-ara, anggone mangkono iku nganti pitung mangsa lawase --

24 punika maknanipun makaten, dhuh Sang Prabu, saha punika putusanipun Ingkang Mahaluhur tumrap gusti kawula Sang Prabu: