Dhaniel 4:21-27 JAV

21 ingkang ronipun endah-endah saha wohipun mbiyet tuwin kadunungan tetedhan kangge sadaya ingkang gesang, ingkang ngandhapipun kangge pakendelan kewan-kewan ing ara-ara saha pang-pangipun kangge nusuh peksi-peksi ing awang-awang --

22 punika gusti kawula, dhuh Sang Prabu, gusti kawula ingkang sampun dados agung saha santosa, ingkang kamulyanipun wewah-wewah ngantos sundhul ing langit, ingkang pangwaosipun ngantos dumugi ing poncoting bumi!

23 Wondene ingkang kapirsanan dening gusti kawula, inggih punika satunggaling tiyang jagi, tiyang ingkang suci, ingkang tumurun saking langit kalayan nguwuh-uwuh: Wit iki tegoren lan patenana, nanging tunggake cikben kari tumanceb ing lemah, katalenan ing rante wesi lan tembaga ana ing pasuketan kang seger ing ara-ara, lan cikben katelesan ing ebuning langit lan oleh panduman bebarengan karo kewan-kewan ing ara-ara, anggone mangkono iku nganti pitung mangsa lawase --

24 punika maknanipun makaten, dhuh Sang Prabu, saha punika putusanipun Ingkang Mahaluhur tumrap gusti kawula Sang Prabu:

25 gusti kawula badhe katundhung saking ing antawisipun manungsa saha gusti kawula badhe dedalem wonten ing satengahing kewan-kewan ing ara-ara; gusti kawula badhe kaparingan dhahar rumput, kadosdene lembu sarta gusti kawula badhe katelesan ing ebuning langit; saha gusti kawula nandhang makaten punika ngantos pitung mangsa, ngantos gusti kawula ngakeni, bilih Ingkang Mahaluhur punika nguwaosi karajaning manungsa saha saged maringaken karajan wau dhateng sinten ingkang dipun karsakaken.

26 Ingkang kapratelakaken bab ngendelaken tunggaking wit mau, punika tegesipun: gusti kawula enggal badhe ngasta karajan punika malih, sasampunipun gusti kawula ngakeni, bilih ingkang kagungan pangwaos punika Swarga.

27 Awit saking punika, dhuh Sang Prabu, mugi unjuk pamrayogi kawula punika ndadosna ing keparenging panggalihipun gusti kawula: gusti kawula mugi karsaa ngicali dosa kanthi patrap nindakaken kaadilan, saha ngicali kalepatan kanthi patrap paring sih-piwelas dhumateng tiyang ingkang katindhes -- bokmanawi kasugenganipun gusti kawula badhe kalestantunaken!”