29 awit sawuse rolas sasi, nalika panjenengane pinuju ameng-ameng ana ing dhuwur kadhaton ing Babil,
30 Sang Prabu banjur nglairake pangandika mangkene: “Apa iki dudu Babil kang gedhe, kang wus ingsun bangun dadi kutha karajan kalawan kakuwataning pangwaosingsun lan kanggo kaluhuraning kamulyaningsun?”
31 Durung telas pangandikane Sang Prabu, nuli ana swara kapireng saka ing langit: “Heh Prabu Nebukadnezar, sira kaparingan unninga, manawa karajan wus ngalih saka ing sira;
32 sira bakal katundhung saka ing antarane manungsa sarta bakal dedunung ana ing satengahing kewan-kewan ing ara-ara; sira bakal kaparingan pangan suket kayadene sapi, lan iku bakal tumanduk marang sira lawase pitung mangsa, nganti sira ngakoni, manawa Kang Mahaluhur iku nguwaosi karajaning manungsa lan saged maringake karajan iku marang sapa kang dikarsakake!”
33 Padha sanalika pangandika iku banjur kelakon tumrap Sang Prabu Nebukadnezar, panjenengane katundhung saka ing antaraning manungsa tuwin dhahar suket kaya sapi sarta sarirane katetesan ing ebuning langit, remane dadi panjang kaya wuluning manuk garudha lan kenakane kaya kukuning manuk.
34 Nanging bareng wektu kang katemtokake wus kliwat, ingsun, Nebukadnezar tumenga marang ing langit sarta akal-budiningsun bali maneh marang ingsun. Ingsun banjur memuji marang Kang Mahaluhur lang ngluhurake sarta mulyakake Kang Gesang Langgeng, marga pangwaose iku pangwaos kang langgeng tuwin karajane iku turun-tumurun.
35 Kabeh kang manggon ing bumi iku kaetang remeh; wadya-balaning langit lan kang manggon ing bumi padha kadamel manut ing sakarsane; lan ora ana wong siji-sijia kang bisa mekak astane kalawan munjuk marang Panjenengane: “Punapa ingkang Paduka tindakaken?”