1 Kacarita Sang Dharius, darah Medhia, nalika yuswa sawidak loro taun, nampeni paprentahan karajan.
2 Sang Prabu Dharius banjur misudha wakil-raja satus rong puluh, kang bakal kapapanake ing saindenging karajan;
3 iku dipanggedheni dening priyagung tetelu, Sang Dhaniel kagolong tetelu iku. Para wakil-raja mau kudu padha ngaturake tanggung-jawab marang katelune iku, supaya Sang Prabu aja nganti kapitunan.
4 Sarehne Sang Dhaniel ngluwihi para priyagung lan para wakil-raja, marga kadunungan roh kang pininjul, Sang Prabu kagungan karsa arep misudha dadi tetindhihing wewengkon karajan kabeh.
5 Bareng mangkono para priyagung lan para wakil-raja padha ngupaya dhadhakan bisane nggugat Sang Dhaniel ing bab paprentahan, nanging ora padha bisa nemu dhadhakan apa bae utawa sawijining kaluputan, sabab saka anggone setya lan ora tau sembrana utawa tumindak luput.
6 Wasana banjur padha rerembagan: “Kita boten badhe saged angsal dhadhakan kangge nggigat Dhaniel punika, kajawi ing bab anggenipun ngabekti dhateng Allahipun!”
7 Para priyagung lan para wakil-raja banjur padha gumrudug sowan marang ing ngarsane Sang Prabu tuwin munjuk mangkene: Dhuh Sang Prabu Dharius, mugi langgenga kasugengan dalem.