14 Para priyayi mau banjur munjuk marang Sang Prabu: “Dhaniel, salah satunggaling tiyang boyongan saking Yehuda, punika boten maelu dhateng gusti kawula, dhuh Sang Prabu, tuwin boten mreduli dhateng awisan ingkang kaundhangaken dening gusti kawula, awitdene ndedonga sadinten kaping tiga.”
15 Bareng Sang Prabu midhanget bab iku, banget sungkawane sarta nuli ngudi supaya bisaa ngluwari Sang Dhaniel, malah nganti srengenge surup isih mbudi-daya bisane paring pitulungan.
16 Para priyayi mau banjur padha gumrudug sowan marang ing ngarsane Sang Prabu sarta munjuk: “Dhuh Sang Prabu, mugi kauningana, bilih manut angger-anggeripun bangsa Medhia saha Persia boten wonten awisan utawi kekancingan ingkang kaundhangaken dening Sang Prabu, ingkang kenging kaewahan!”
17 Bareng mangkono Sang Prabu nuli paring dhawuh nyepeng Sang Dhaniel, sarta banjur kacemplungake ing luwenging singa. Sang Prabu ngandika marang sang Dhaniel: “Allahira kang sira sembah kalawan mantep iku muga karsaa ngluwari sira!”
18 Banjur ana watu kang kagawa mrono kanggo nutupi cangkeming luweng, nuli kasegel dening Sang Prabu kalawan ageme sesupepanyegelan lan kalawan sesupe-panyegelane para panggedhe, abdine, supaya bab Sang Dhaniel iku ora ana owah-owahan apa-apa.
19 Sang Prabu tumuli kondur angadhaton lan sawengi iku panjenengane siyam sarta ora mbetahake panglipur apadene ora saged sare.
20 Bareng bangun esuk wayah bangbang wetan Sang Prabu wungu lan banjur enggal-enggal rawuh ing luwenging singa;