17 Bareng mangkono Sang Prabu nuli paring dhawuh nyepeng Sang Dhaniel, sarta banjur kacemplungake ing luwenging singa. Sang Prabu ngandika marang sang Dhaniel: “Allahira kang sira sembah kalawan mantep iku muga karsaa ngluwari sira!”
18 Banjur ana watu kang kagawa mrono kanggo nutupi cangkeming luweng, nuli kasegel dening Sang Prabu kalawan ageme sesupepanyegelan lan kalawan sesupe-panyegelane para panggedhe, abdine, supaya bab Sang Dhaniel iku ora ana owah-owahan apa-apa.
19 Sang Prabu tumuli kondur angadhaton lan sawengi iku panjenengane siyam sarta ora mbetahake panglipur apadene ora saged sare.
20 Bareng bangun esuk wayah bangbang wetan Sang Prabu wungu lan banjur enggal-enggal rawuh ing luwenging singa;
21 bareng ana sacelake luweng, nuli nguwuh marang Sang Dhaniel kalawan swara sungkawa, mangkene pangandikane marang Sang Dhaniel: “Dhaniel, abdining Allah kang gesang, Allahira kang sira sembah kalawan tumemen, apa Panjenengane saged ngluwari sira saka ing singa-singa iku?”
22 Unjuk wangsulane Sang Dhaniel marang Sang Prabu: “Dhuh Sang Prabu, langgenga kasugengan dalem!
23 Alah kawula sampun ngutus malaekatipun mbungkem cangkemipun singa-singa punika, satemah boten saged nyikara dhumateng kawula, amargi kawula pancen boten kadunungan kalepatan wonten ing ngarsanipun; nanging ugi dhumateng panjenengan dalem kawula boten nandukaken piawon.”