20 Bareng bangun esuk wayah bangbang wetan Sang Prabu wungu lan banjur enggal-enggal rawuh ing luwenging singa;
21 bareng ana sacelake luweng, nuli nguwuh marang Sang Dhaniel kalawan swara sungkawa, mangkene pangandikane marang Sang Dhaniel: “Dhaniel, abdining Allah kang gesang, Allahira kang sira sembah kalawan tumemen, apa Panjenengane saged ngluwari sira saka ing singa-singa iku?”
22 Unjuk wangsulane Sang Dhaniel marang Sang Prabu: “Dhuh Sang Prabu, langgenga kasugengan dalem!
23 Alah kawula sampun ngutus malaekatipun mbungkem cangkemipun singa-singa punika, satemah boten saged nyikara dhumateng kawula, amargi kawula pancen boten kadunungan kalepatan wonten ing ngarsanipun; nanging ugi dhumateng panjenengan dalem kawula boten nandukaken piawon.”
24 Ing kono Sang Prabu banjur banget sukane sarta paring dhawuh, supaya Sang Dhaniel kainggahake saka ing luweng. Sang Dhaniel tumuli kainggahake saka ing luweng, lan pinanggih ora ana tatune apa-apa, marga saka anggone kumandel marang Allahe.
25 Sang Prabu banjur dhawuh nyepeng para kang padha nggugat Sang Dhaniel sarta padha kacemplungake ing luwenging singa dalasan para putra lan garwane pisan. Durung nganti tekan ing dhasaring luweng wus padha kadekep dening singa, malah balung-balunge padha karemuk.
26 Sawise mangkono Sang Prabu Dhaniel tumuli kintun serat marang wong-wong saka sakehing bangsa, suku bangsa lan basa, kang manggon ing salumahing bumi kabeh, ijemane: “Tentrem rahayunira muga saya wuwuha!