1 Ing taun kang kapisane paprentahane Sang Prabu Belsyazar, ratu ing Babil, Sang Dhaniel ing sajroning supena tampa wahyu ana ing pasareane. Supena iku banjur kaseratan, anadene wosing supenane iku mangkene:
2 Pangandikane Sang Dhaniel mangkene: “Ing nalika bengi aku tampa wahyu, angin papat ing langit katon ngocakake sagara gedhe,
3 nuli ana kewan gedhe papat muncul jumedhul saka ing sajroning sagara, kang siji beda karo sijine.
4 Kang kapisan rupane kaya singa, lan nganggo swiwining manuk garudha. Iku terus bae daksawang nganti swiwine dijabut; kewan mau nuli kajunjung saka ing lemah lan kaadegake kaya manungsa sarta banjur kaanjingan ing atining manungsa.