11 Aku terus bae anggonku maspadakake, marang saka tembung-tembung kang gumunggung kang diucapake dening sungu mau. Aku terus bae anggonku maspadakake nganti kewan iku dipateni, awake kalebur lan kaulungake marang geni kang ngengobong.
12 Pangwasane kewan-kewan liyane iya kacabut lan suwening uripe katemtokake nganti tekan mangsa lan wayahe.
13 Ing sajroning wahyu ing bengi iku aku terus bae anggonku ndeleng; banjur ana kang rawuh nitih mega saka ing langit, kaya Putraning Manungsa, kang nuli sowan marang ing ngarsane Kang sepuh ing Yuswa mau lan iya banjur kairid sowan ing Panjenengane,
14 tumuli kaparingan pangwaos lan kaluhuran sarta pangwaosing karajan; wong-wong saka sakehing bangsa, suku bangsa lan basa banjur padha ngabdi marang Panjenengane. Pangwaose iku pangwaos kang langgeng, kang ora bakal sirna, sarta karajane iku karajan kang ora bakal rusak.
15 Aku, Dhaniel, trenyuh, lan wahyu-wahyu kang dakdeleng, iku ngagetake aku.
16 Aku banjur nyedhaki salah sawijining wong, panunggalane kang padha ngadeg ing kana lan aku nyuwun katrangan bab iku mau kabeh. Aku nuli dipangandikani lan diparingi sumurup bab tegese.
17 Kewan gedhe papat iku karajan papat kang bakal muncul ana ing bumi.