22 nganti Kang Sepuh Yuswane mau rawuh lan maringake kaadilan marang para wong suci kagungane Kang Mahaluhur lan wus tumeka ing wancine para wong suci mau padha nyekel paprentahan.
23 Mangkene pangandikane: “Kewan kang kapat iku karajan kang kapat kang bakal ana ing bumi, kang bakale beda karo sakehing karajan lan bakal nguntal salumahing bumi kabeh, kang nuli kaidak-idak lan karemuk.
24 Sungu sapuluh iku raja sapuluh kang muncul saka ing karajan iku. Sawuse iku banjur bakal ana ratu kang muncul, kang beda karo para ratu kang dhisik sarta kang bakal ngesorake ratu telu.
25 Iku bakal ngucapake tetembungan kang nglawan marang Kang Mahaluhur, lan bakal nganiaya para wong suci kagungane Kang Mahaluhur, sarta mbudi-daya ngowahi wektu lan angger-angger, tuwin sakehe wong mau bakal kapasrahake ing astane ratu mau lawase samangsa lan rong mangsa sarta satengah mangsa.
26 Pradata Pangadilan banjur bakal marepat, ratu mau pangwasane bakal kacabut lan tumuli kalebur nganti sirna.
27 Sawuse mangkono paprentahan, pangwasa lan kamulyaning karajan-karajan ing sangisore saindenging langit bakal kaparingake marang para wong suci, umat kagungane Kang Mahaluhur; paprentahane iki paprentahan kang langgeng sarta sakehing pangwasa bakal ngabdi lan mbangun miturut marang para suci mau.
28 Tekan samene pawartane iku. Dene aku, Dhaniel, kaget banget dening gagasan-gagasanku, nganti aku dadi pucet sarta bab iku daksimpen ing sajroning atiku.”