Dhaniel 7:4-10 JAV

4 Kang kapisan rupane kaya singa, lan nganggo swiwining manuk garudha. Iku terus bae daksawang nganti swiwine dijabut; kewan mau nuli kajunjung saka ing lemah lan kaadegake kaya manungsa sarta banjur kaanjingan ing atining manungsa.

5 Tumuli katon ana kewan liyane, kang kapindho rupane kaya bruwang; iku njejegake awake sasisih, cangkeme lagi nyokot balung iga telu; kewan iku kacelathonan mangkene: Ayo mangana daging kang akeh!

6 Sawuse mangkono aku sumurup kewan liyane, rupane kaya macan tutul; gegere ana swiwine manuk papat sarta maneh kewan iku endhase papat, sarta kaparingan pangwasa.

7 Sawuse iku ing sajroning wahyu ing bengi iku aku tumon kewan kang kapat, kang medeni lan nggegirisi sarta rosa banget. Untune wesi gedhe-gedhe; kewan iku memangsa lan ngreremuk, sisane kaidak-idak kalawan sikile; kewan iku beda karo kewan-kewan kang dhisik mau, apadene kadunungan sungu sapuluh.

8 Sajrone aku migatekake sungu-sungune iku, ing tengahe ana sungu cilik kang thukul, njalari sungu kang dhisik mau copot telu; sungu cilik iku katon ana matane kaya mataning manungsa lan ana cangkeme kang ngucap gumunggung.

9 Aku terus bae anggonku ndeleng nganti ana dhampar-dhampar kang katata, banjur ana kang lenggah Kang Sepuh ing Yuswa; pangagemane putih kaya salju lan remane resik kaya wulu wedhus; kang minangka dhampare urubing geni, mawa rodha geni kang makantar-kantar;

10 ana kali geni kang metu lan mili saka ing ngarsane; Panjenengane kaladosan ing ewoning ewon lan puluhan ewon ping puluhan ewon. Pradata Pangadilan banjur marepat lan kitab-kitab padha kabukakan.