Dhaniel 8:2-8 JAV

2 Ing sajroning wahyu iku aku ndeleng -- aku ana ing beteng Susan ing wewengkoning tanah Elam nalika ndeleng iku -- aku ndeleng ing sajroning wahyu iku, aku lagi ana ing sapinggiring kali Ulai.

3 Aku ndengengek banjur weruh wedhus gembel lanang ngadeg ing sangareping kali iku; sungune loro dawa-dawa, nanging kang siji luwih dawa tinimbang sijine, dene kang dawa iku thukule keri.

4 Aku ndeleng wedhus gembel lanang iku mbijig mangulon, mangalor lan mangidul, lan ora ana kewan siji-sijia kang bisa lestari ana ing ngarepe lan ora ana kang bisa nguwalake saka ing pangwasane; wedhus mau tumindak sakarep-karep lan dadi gumedhe.

5 Nanging sajrone aku nyawang iku mau, nuli ana wedhus berok lanang teka saka ing kulon, kang ndlajahi salumahing bumi tanpa ngambah lemah; sarta wedhus berok lanang iku ana sungune kang aneh siji kaprenah ing selaning matane.

6 Wedhus iki banjur marani wedhus gembel lanang kang sungune loro, kang dakdeleng ngadeg ing sangarepe kali mau, tumuli ditempuh sarosane.

7 Aku sumurup anggone nyedaki wedhus gembel lanang iku; marga saka nepsune wedhus gembel lanang mau banjur dibijig, sungune loro pisan dipokah; wedhuse gembel lanang iku ora duwe kakuwatan kanggo nanggulangi, malah banjur dibanting ing bumi, diidak-idak, lan ora ana kang nguwalake wedhus gembel lanang iku saka pangwasane.

8 Wedhus berok lanang iku banget anggone gumunggung, nanging nalika gedhe-gedhening pangwasane, sungune kang gedhe iku sempal, tilas panggonane kathukulan sungu kang aneh papat, madhep marang keblat papat ing langit.