6 Wedhus iki banjur marani wedhus gembel lanang kang sungune loro, kang dakdeleng ngadeg ing sangarepe kali mau, tumuli ditempuh sarosane.
7 Aku sumurup anggone nyedaki wedhus gembel lanang iku; marga saka nepsune wedhus gembel lanang mau banjur dibijig, sungune loro pisan dipokah; wedhuse gembel lanang iku ora duwe kakuwatan kanggo nanggulangi, malah banjur dibanting ing bumi, diidak-idak, lan ora ana kang nguwalake wedhus gembel lanang iku saka pangwasane.
8 Wedhus berok lanang iku banget anggone gumunggung, nanging nalika gedhe-gedhening pangwasane, sungune kang gedhe iku sempal, tilas panggonane kathukulan sungu kang aneh papat, madhep marang keblat papat ing langit.
9 Sungune mau ana siji kang kathukulan sungu cilik, kang tumuli dadi gedhe banget, thukule mangidul, mangetan lan ngadhepake Tanah Endah,
10 gedhene nganti tekan ing wewengkoning wadya-balaning langit lan wadya-balaning langit iku, yaiku lintang-lintang, ana sawatara kang katibakake ing bumi sarta banjur kaidak-idak.
11 Malah ana ing ngarsane Ratuning wadya-bala mau iya ngatonake gumunggunge, kurban kang kacaosake marang Panjenengane saben dina, iku karebut, sarta padalemane kang suci dirubuhake.
12 Nuli nganakake tata-panembah kang duraka kanggo nyalini kurban dinan; kabeneran kabanting ing bumi, sarta apa bae kang katindakake, kabeh kelakon.