Dhaniel 9:13-19 JAV

13 Kadosdene ingkang kaseratan wonten ing Kitab Toretipun Nabi Musa; bilai punika sadaya sampun tumempuh dhateng kawula sadaya, dene kawula boten sami nyuwun sih-piwelasing Sang Yehuwah, Allah kawula, kanthi patrap nilar sakathahing kalepatan kawula sadaya saha migatosaken dhateng kaleresan ingkang saking Paduka.

14 Awit saking punika Pangeran Yehuwah nyadhangaken bilai punika saha lajeng kadhawahaken dhateng kawula sadaya; awit Pangeran Yehuwah, Allah kawula punika adil ing sadaya pandamel ingkang katindakaken, ewasamanten kawula sami boten mirengaken swantenipun.

15 Milanipun, dhuh Pangeran, Allah kawula, ingkang sampun ngirid umat Paduka medal saking tanah Mesir kalayan asta ingkang kiyat, saha damel misuwuring asma Paduka, kados ing dinten punika, kawula sampun sami damel dosa, kawula sampun sami nglampahi duraka.

16 Dhuh Pangeran, supados ngetrepana ing sih-piwelas Paduka, mugi deduka saha bebendu Paduka sumingkira saking Yerusalem, kitha Paduka, redi Paduka ingkang suci; awit margi saking dosa kawula sadaya saha margi saking kalepatanipun para leluhur kawula, Yerusalem tuwin umat Paduka sampun dados cacad tumrap sadaya tiyang ing sakiwa-tengen kawula.

17 Milanipun, dhuh Allah kawula, mugi karsaa midhangetaken pandonga sarta panyuwunanipun abdi Paduka punika, saha mugi karsaa nyunari pasucen Paduka ingkang sampun risak punika kaliyan wedana Paduka, awit saking Paduka piyambak.

18 Dhuh Allah kawula, mugi karsaa nilingaken tuwin midhangetaken, mugi paningal Paduka karsaa maspaosaken saha karsaa mirsani, karisakan kawula sadaya tuwin kitha ingkang kasebut mawi asma Paduka; wondene anggen kawula sami ngunjukaken pandonga kawula wonten ing ngarsa Paduka punika boten adhedhasar lelabetan kawula, nanging alandhesan sih-katresnan Paduka ingkang luber.

19 Dhuh Pangeran, mugi karsaa miyarsakaken! Dhuh Yehuwah, mugi karsaa paring pangapunten! Dhuh Yehuwah, mugi karsaa miyarsakaken saha lajeng karsaa tumindak, sampun ngantos ngrandhataken, awit saking Paduka piyambak, dhuh Allah kawula, sabab kitha Paduka saha umat Paduka kasebut mawi asma Paduka!”