17 Milanipun, dhuh Allah kawula, mugi karsaa midhangetaken pandonga sarta panyuwunanipun abdi Paduka punika, saha mugi karsaa nyunari pasucen Paduka ingkang sampun risak punika kaliyan wedana Paduka, awit saking Paduka piyambak.
18 Dhuh Allah kawula, mugi karsaa nilingaken tuwin midhangetaken, mugi paningal Paduka karsaa maspaosaken saha karsaa mirsani, karisakan kawula sadaya tuwin kitha ingkang kasebut mawi asma Paduka; wondene anggen kawula sami ngunjukaken pandonga kawula wonten ing ngarsa Paduka punika boten adhedhasar lelabetan kawula, nanging alandhesan sih-katresnan Paduka ingkang luber.
19 Dhuh Pangeran, mugi karsaa miyarsakaken! Dhuh Yehuwah, mugi karsaa paring pangapunten! Dhuh Yehuwah, mugi karsaa miyarsakaken saha lajeng karsaa tumindak, sampun ngantos ngrandhataken, awit saking Paduka piyambak, dhuh Allah kawula, sabab kitha Paduka saha umat Paduka kasebut mawi asma Paduka!”
20 Sajrone aku matur lan ndedonga sarta ngakoni dosaku apadene dosane bangsaku, bangsa Israel, tuwin ngunjukake panyuwunanku tumrap gununge suci Allahku marang ing ngarsaning Sang Yehuwah Allahku,
21 sajrone munjuk ing sajrone pandonga iku, Sang Gabriel mabur kalawan rikat murugi aku, yaiku panjenengane, kang wus dakdeleng ing sajroning wahyu kang dhisik nalika nyaosake kurban sore.
22 Aku diparingi piwulang lan dipangandikani mangkene: “Dhaniel, tekaku saiki iki prelu menehi akal-budi marang kowe supaya ngreti.
23 Nalika kowe wiwit ngaturake panyuwunan, ana pangandika kang kawiyos, aku banjur teka prelu aweh sumurup marang kowe bab iku, awit kowe iku banget kinasihan. Mulane pangandika iku gatekna sarta wahyu iku titenana!