Dhaniel 9:6-12 JAV

6 kawula sami boten mbangun miturut dhumateng para abdi Paduka, para nabi ingkang sampun sami nglairaken pangandika atas asma Paduka dhateng para ratu kawula, para pangageng kawula, para leluhur kawula tuwin dhateng sabangsa ing nagari sadaya.

7 Dhuh Pangeran, Paduka punika ingkang leres, nanging kawula sampun samesthinipun manawi sami wirang kados ing dinten samangke punika, kawula para tiyang Yehuda, para ingkang manggen ing kitha Yerusalem lan tiyang Israel sadaya, ingkang celak saha ingkang tebih, wonten ing sakathahing nagari, ingkang Paduka agem mbucali tiyang-tiyang punika, margi saking anggenipun boten setya dhumateng Paduka.

8 Dhuh Yehuwah, kawula sadaya, para ratu kawula, para pangageng kawula saha para leluhur kawula sampun samesthinipun manawi wirang, amargi kawula sampun sami nglampahi dosa dhumateng Paduka.

9 Pangeran, Allah kawula, kagungan piwelas tuwin pangapunten, sanadyan kawula sampun sami mbalela dhumateng Panjenenganipun,

10 tuwin sami boten mirengaken swantening Sang Yehuwah, Allah kawula, ingkang dhawhuh dhumateng kawula sadaya supados gesang miturut pepaken ingkang sampun kaparingaken dhumateng kawula sadaya lumantar para nabi, abdinipun.

11 Sadaya tiyang Israel sampun sami nerak pepaken Paduka tuwin sami nyimpang, awit boten mirengaken swanten Paduka! Awit saking punika kawula sampun sami kadhawahan ing ipat-ipat saha supaos, ingkang kaserat ing Kitab Toretipun Nabi Musa, abdinipun Gusti Allah punika, amargi kawula sampun nglampahi dosa dhumateng Panjenenganipun.

12 Punapadene Panjenenganipun sampun netepi pangandikanipun, ingkang kaparingaken tumrap kawula sadaya saha tumrap para ingkang sami sampun ngereh kawula sadaya, inggih punika bilih Panjenenganipun badhe ndhawahaken bilai ingkang ageng dhateng kawula sadaya, ingkang dereng nate kalampahan wonten ing sagandhaping langit sadaya, kados ingkang sampun kalampahan wonten ing Yerusalem.