19 Manawi ndadosaken keparenging panggalihipun Sang Prabu, mugi ndhawuhna undhang-undhang ing karajan kapacaka wonten ing angger-anggeripun bangsa Persia lan Media, ingkang boten kenging kaceled, inggih punika bilih Sang Prameswari Wasti boten kenging sowan malih wonten ing ngarsanipun Sang Prabu Ahasyweros, saha kalenggahanipun dados Prameswari kaparingna dhateng putri sanesipun, ingkang ngungkuli utaminipun.
20 Manawi putusanipun Sang Prabu ingkang makaten punika sampun kepireng ing satlatahipun karajan dalem -- mangka ageng sanget karajan punika -- mesthi sakathahipun para wanita sami badhe ngaosi kakungipun, wiwit ingkang ageng ngantos dumugi ingkang alit.”
21 Atur kang mangkono iku kagalih prayoga dening Sang Prabu sarta dening para panggedhe, dadine Sang Prabu banjur tumindak laras karo ature Sang Memukan mau.
22 Sang Prabu nuli paring dhawuh kakintunake marang sakehing tlatah wewengkon dalem, saben tlatah nganggo tulisane dhewe, tuwin saben bangsa nganggo basane dhewe, surasane: “Saben wong lanang kudu dadi sesirahing brayate dhewe, sarta calathu miturut basaning bangsane.”