1 Bareng Pak Mordekhai weruh anane lelakon, banjur nyuwek panganggone, tuwin manganggo bagor sarta awu, nuli metu lumaku ana ing satengahing kutha, kalawan sesambat memelas asih kanthi swara sora.
2 Mangkono iku nganti tekan ing ngareping gapuraning kraton, ujer ora ana wong kang kena lumebu ing gapura kalawan manganggo bagor.
3 Ing saben dhaerah kang wus tampa dhawuh undhang-undhange Sang Prabu, wong-wonge Yahudi padha susah banget banjur padha puwasa tuwin nangis sarta sesambat, akeh kang padha turu alemek bagor lan awu.
4 Para cethine Sang Prameswari Ester sarta para abdi liyane tumuli padha ngunjuki uninga, temah Sang Prameswari banget sekel ing galih, banjur ngintuni sandhangan marang Pak Mordekhai supaya dianggoa, sarta ngrucata bagore, nanging ora ditampani.
5 Prameswari Ester tumuli nimbali Hatakh, priyayi abdine Sang Prabu, kang kapatah ngladeni Sang Prameswari, kaweling supaya miterang marang Pak Mordekhai, apa karepe lan apa sebabe mangkono.
6 Hatakh nuli metu nemoni Pak Mordekhai ana ing alun-aluning kutha sangarepe gapurane Sang Prabu,
7 banjur dicaritani dening Pak Mordekhai apa salelakone kabeh, lan mungguh kasaguhane Sang Haman nimbang salaka, bakal kalebokake ing gedhong rajabranane Sang Prabu, minangka bebana tumrap panumpese bangsa Yahudi.
8 Apadene digawani turunane layang undhang-undhang kang wus kawetokake ana ing Susan, bab panumpese bangsa Yahudi mau, supaya kaaturna lan katerangna marang Sang Prameswari Ester. Karomaneh panjenengane diaturi marak marang ngarsane Sang Prabu nyuwun palimirma lan mbelani bangsane.
9 Hatakh banjur lumebu lan ngaturake bab piwelinge Pak Mordekhai marang Sang Prameswari Ester.
10 Nanging Prameswari Ester banjur dhawuh marang Hatakh, supaya matur marang Pak Mordekhai:
11 “Sakathahing para abdinipun Sang Prabu sadaya dalah tiyang ing sakathahipun dhaerah wewengkonipun Sang Prabu sadaya sampun sami sumerep, bilih tumrap sinten-sintena, jalera estria, ingkang seba dhateng ngarsanipun Sang Prabu ngantos dumugi ing plataran nglebet, boten sarana dipun timbali, namung wonten undhang-undhang satunggal ingkang tumindak: inggih punika paukuman pejah. Namung manawi Sang Prabu karsa ngathungaken jungkating kaprabon kancana dhateng tiyang punika, tiyang punika tetep gesang. Lan salebetipun tigang dasa dinten punika kula boten katimbalan marek ing ngarsanipun Sang Prabu.”
12 Bareng piwelinge Sang Prameswari Ester dikandhakake marang Pak Mordekhai,
13 Pak Mordekhai banjur akon matur marang Prameswari Ester mangkene: “Panjenengan dalem sampun kagungan panginten, bilih badhe oncat piyambak saking antawisipun tiyang Yahudi, dumeh panjenengan dalem wonten ing karaton.
14 Sebab sanadyan ing wekdal punika panjenengan dalem namung kendel kemawon, mesthi badhe wonten pangluwaran sarta pitulungan saking tiyang sanesipun tumrap tiyang Yahudi, dene panjenengan dalem sakulawarga dalem badhe sami tumpes. Sinten ingkang mangretos, bokmanawi inggih tumuju dhateng ing wekdal ingkang kados sapunika punika anggen panjenengan dalem angsal kalenggahaning prameswari.”
15 Ing kono Sang Prameswari Ester dhawuh ngaturi wangsulan marang Pak Mordekhai mangkene:
16 “Sumangga sampeyan nglempakaken sakathahipun tiyang Yahudi ingkang wonten ing Susan; kula sami sampeyan siyamaken, sampun nedha lan ngombe rinten dalu, ngantos tigang dinten dangunipun! Rinten kalayan dalu. Kula kaliyan para cethi kula ugi badhe siyam; dene sasampunipun, sanadyan kula nerak angger-anggeripun, Sang Prabu, kula badhe marak ing ngarsanipun Sang Prabu; manawi kula kapeksa pejah, kajengipun kula pejah.”
17 Pak Mordekhai tumuli lunga lan nglakoni apa sapiwelinge Sang Prameswari Ester mau.