1 Sawuse lelakon kang kasebut ing dhuwur mau, Sang Prabu Ahasyweros njunjung Sang Haman bin Hamedata, turune Agag, diunggahake pangkate lan kalenggahane katetepake, ngungkuli sakehing para panggedhe kang ana ing ngarsane Sang Nata.
2 Lan sakehing para abdine Sang Prabu kang ana ing gapuraning karaton padha tumungkul sujud ana ing ngarsane Sang Haman mau, amarga pancen mangkono iku prentahe Sang Prabu, nanging Mordekhai ora tumungku sujud.
3 Para abdine Sang Prabu kang ana ing gapuraning kraton, banjur padha ngucap marang Mordekhai: “Punapaa dene panjenengan kok nerak dhawuhipun Sang Prabu?”
4 Sarehne Pak Mordekhai bola-bali dikandhani mangkono saben dina, meksa ora ngrewes, mulane wong kabeh mau tumuli padha matur marang Sang Haman, arep weruh apa pratingkahe mangkono iku bisa kalestarekake, awit Mordekhai mau wus tutur, yen dheweke iku wong Yahudi.
5 Bareng Sang Haman mirsa yen Pak Mordekhai ora tumungkul sujud marang panjenengane, banjur banget muring-muringe.
6 Nanging Sang Haman nganggep keremehen manawa mung Pak Mordekhai thok kang diarah patine, amarga wus kaaturan uninga, Mordekhai iku bangsa apa. Dadi pangangkahe arep numpes sakehing wong Yahudi, kang tunggal bangsa karo Pak Mordekhai, kang ana ing saindenging karajane Sang Prabu Ahasyweros.
7 Ing sasi kapisan, yaiku ing sasi Nisan, ing taun kang kaping rolase jumenenge Sang Prabu Ahasyweros, wong banjur mbuwang pur -- yaiku undhi -- ana ing ngarsane Sang Haman, arep milih dina karo sasi kang katuduhake: yaiku sasi karolas, sasi Adar.
8 Sang Haman nuli munjuk marang Sang Prabu Ahasyweros: “Wonten sawenehing bangsa ingkang pating slebar saha kapencil ing satengahipun para bangsa ing saindenging karajanipun gusti kawula, saha ingkang adat-tata-caranipun beda kaliyan adat-tata-caranipun sakathahipun bangsa sanesipun. Pranatanipun Sang Prabu ugi boten dipun estokaken, mila boten prayogi kagem Sang Nata, manawi ngendelaken tiyang-tiyang wau anggenipun tumindak makaten kanthi mardika.
9 Ingkang punika manawi wonten keparenging karsa dalem Sang Prabu, mugi wontena serat dhawuh dalem, ingkang suraosipun, supados bangsa wau katumpesa; wasana kawula badhe nimbang salaka sedasa ewu talenta lan masrahaken dhateng para tiyang ingkang nglampahaken ayahan dalem, supados dipun lebetaken ing gedhong rajabrananipun Sang Prabu.”
10 Sang Prabu nuli nglolos sesupe cap saka ing racikane, kaparingake marang Sang Haman bin Hamedata, wong Agag, satrune bangsa Yahudi.
11 Sang Prabu nuli dhawuh marang Sang Haman: “Salaka iku sunpasrahake marang sira, sarta bangsa iku uga sunparingake marang sira, tindakna apa kang sira anggep prayoga.”
12 Para abdi dalem panitra padha katimbalan, -- iku pinuju sasi kapisan tanggal ping telulas, -- banjur padha nulis kaya sapituduhe Sang Haman, ijoane, prentah marang para wakile Sang Prabu, tuwin saben bupati kang mangku wilayah, apadene saben panggedhening bangsa, yaiku marang saben wilayah nganggo tulisane lan marang saben bangsa manut basane, panulise atas asmane Sang Prabu Ahasyweros lan kaecap mawa sesupe cape Sang Prabu.
13 Layange padha kakirimake lumantar pelayangan kilat kasebar marang sakehing wewengkoning karajan, iku padha kadhawuhan numpes lan mateni sarta nyirnakake sakehing wong Yahudi wiwit kang anom tekan kang tuwa, dalah bocah-bocah lan wong wadon, karampungna ing sajroning sadina: iya iku ing tanggal kaping telulas sasi kang kaping rolas -- iya iku sasi Adar -- lan supaya bandha kasugihane karayaha.
14 Turunane layang iku kadhawuhna ana ing sakehing wilayah lan banjur kagiyarna marang sarupaning para bangsa, supaya padha cecawisa ing dina kang wus katemtokake mau.
15 Pelayangan kilat iku tumuli padha mangkat, kalawan kesusu, atas dhawuhe Sang Prabu; dene metune dhawuh mau saka ing beteng kadhaton Susan. Nalika samana Sang Prabu lelenggahan, kaadhep dening Sang Haman sinambi ngunjuk-ngunjuk, nanging wong sakutha Susan iku padha geger.