1 Sang Prabu kadherekake Sang Haman, bakal sinugata dening Sang Prameswari Ester.
2 Ing dina kang kapindho iku, nalika padha ngunjuk anggur, Sang Prabu banjur ndangu marang Sang Prameswari Ester: “Heh Ratu Ester, apa kang dadi panyuwunira? Mesthi bakal kaparingan. Karepira apa, mesthi kasembadan, sanadyan ngantia saparoning karajan.”
3 Sang Prameswari Ester tumuli mangsuli, unjuke: “Dhuh Sang Prabu! Manawi adalem angsal sih wilasa wonten ing ngarsa dalem, panyuwun kawula, mugi kawula kaparingana gesang margi saking panyuwunipun dalem, makaten ugi bangsa kawula inggih margi saking panyuwunipun dalem.
4 Amargi kawula sampun sami kasade, inggih kawula, dalah bangsa kawula, badhe katumpes, kapejahan tuwin kasirnakaken. Saupami kawula namung sami kasade saha kadadosaken rencang jaler kaliyan estri, kawula mesthi kendel kemawon, nanging panganiaya punika boten wonten tandhingipun ing antawisipun bebaya ingkang nempuh Sang Prabu.”
5 Ing kono pandangune Sang Prabu Ahasyweros marang Sang Prameswari Ester: “Iku sapa? Ana ing ngendi wonge, kang duwe pangarah mangkono ing sajroning atine?”
6 Unjuk wangsulane Sang Prameswari Ester: “Tiyang ingkang nganiaya saha ingkang dados mengsah wau inggih punika Haman, tiyang dursila punika.” Ing kono Sang Haman gumeter wedi ana ing ngarsane Sang Prabu lan Sang Prameswari.
7 Sang Prabu banjur jumeneng saka anggone ngunjuk anggur kalawan duka luwih dening banget, tedhak menyang patamananing kadhaton, nanging Sang Haman isih kari sesambat marang Sang Prameswari Ester nyuwun urip, amarga mirsa, yen Sang Prabu wus nemtokake bilaine.
8 Nalika Sang Prabu rawuh wangsul saka ing patamananing kadhaton, lumebet ing gedhong panggonane unjuk-unjukan, Sang Haman mau ketemu nglumpruk sumungkem ing kanthil pasareane Sang Prameswari Ester. Pangandikane Sang Prabu: “Apa iya arep masesa marang Sang Prameswari ana sajroning kadhatoningsun piyambak?” Bareng pangandika iku miyos saka tutuke Sang Prabu, para abdi tumuli ngrukupi pasuryane Sang Haman.
9 Sawenehing priyayi kadhaton, kang lagi ana ing ngarsane Sang Prabu, kang asma Kharbona banjur munjuk: “Ing sacelaking griyanipun Haman wonten panyulahan ingkang inggilipun seket asta, ingkang dipun damel dening Haman kangge Mordekhai, tiyang ingkang milujengaken Sang Prabu kanthi anggenipun ngunjukaken palapuran punika.” Dhawuhe Sang Prabu: “Sulahen ana ing panyulahan iku!”
10 Wasana Haman kasulah ana ing panyulahan kang didegake kanggo Pak Mordekhai. Dukane Sang Prabu temah lilih.