4 Ing kono Sang Prabu mamerake kasugihaning karajane kang mulya, kaendahaning kaluhurane kang sumunar, pirang-pirang dina suwene, nganti satus wolung puluh dina.
5 Bareng wus tekan samono mau Sang Prabu tumuli ngawontenake bujana maneh kanggo sakehing para kawula kang ana ing beteng kadhaton ing Susan, para priyagung dalah para wong cilik, suwene pitung dina, ana ing plataraning patamanan kadhaton.
6 Langsene lena, mori alus lan kain wungu tuwa, kang tinalenan lena alus lan kain wungu enom, cumanthel ing gelangan salaka ing saka-saka marmer putih, sarta kanthil kancana lan salaka kaprenahake ing jrambah marmer, marmer putih, giwang lan marmer mancawarna.
7 Pangunjukan kaladekake ana ing tuwung kancana kang mawarna-warna, lan anggure anggur pangunjukane Sang Prabu, nganti turah-turah, kang pantes tumrap ing ratu.
8 Dene carane ngombe iku: ora peksan, awit dhawuhe Sang Prabu sakehing para abdi dalem ing kadhaton kakarsakake manut sakarepe sawiji-wijining wong.
9 Sang Prameswari Wasti uga mangun bujana kanggo para wanita kabeh kang ana ing kadhatone Sang Prabu Ahasyweros.
10 Nalika ing dina kang kaping pitune nalika Sang Prabu karenan ing galih marga saka sumuking anggur, Sang Nata banjur dhawuh marang priyagung kadhaton pitu kang caos ana ing ngarsane, asmane: Mehuman, Bizta, Kharbona, Bigta, Abagta, Zetar lan Karkas,