6 Langsene lena, mori alus lan kain wungu tuwa, kang tinalenan lena alus lan kain wungu enom, cumanthel ing gelangan salaka ing saka-saka marmer putih, sarta kanthil kancana lan salaka kaprenahake ing jrambah marmer, marmer putih, giwang lan marmer mancawarna.
7 Pangunjukan kaladekake ana ing tuwung kancana kang mawarna-warna, lan anggure anggur pangunjukane Sang Prabu, nganti turah-turah, kang pantes tumrap ing ratu.
8 Dene carane ngombe iku: ora peksan, awit dhawuhe Sang Prabu sakehing para abdi dalem ing kadhaton kakarsakake manut sakarepe sawiji-wijining wong.
9 Sang Prameswari Wasti uga mangun bujana kanggo para wanita kabeh kang ana ing kadhatone Sang Prabu Ahasyweros.
10 Nalika ing dina kang kaping pitune nalika Sang Prabu karenan ing galih marga saka sumuking anggur, Sang Nata banjur dhawuh marang priyagung kadhaton pitu kang caos ana ing ngarsane, asmane: Mehuman, Bizta, Kharbona, Bigta, Abagta, Zetar lan Karkas,
11 padha kadhawuhan nyowanake Sang Prameswari Wasti mau marang ing ngarsa dalem kalawan ngagem makuthaning kaprabon, supaya mamerna kaendahaning warnane marang para kawula lan para panggedhe, amarga Sang Prameswari iku endah banget warnane.
12 Nanging Sang Prameswari mopo sowan ngestokake timbalan dalem kang kaaturake dening priyayi kadhaton mau, temah Sang Prabu duka banget nganti mangar-mangar pasuryane.