Ester 1:9-15 JAV

9 Sang Prameswari Wasti uga mangun bujana kanggo para wanita kabeh kang ana ing kadhatone Sang Prabu Ahasyweros.

10 Nalika ing dina kang kaping pitune nalika Sang Prabu karenan ing galih marga saka sumuking anggur, Sang Nata banjur dhawuh marang priyagung kadhaton pitu kang caos ana ing ngarsane, asmane: Mehuman, Bizta, Kharbona, Bigta, Abagta, Zetar lan Karkas,

11 padha kadhawuhan nyowanake Sang Prameswari Wasti mau marang ing ngarsa dalem kalawan ngagem makuthaning kaprabon, supaya mamerna kaendahaning warnane marang para kawula lan para panggedhe, amarga Sang Prameswari iku endah banget warnane.

12 Nanging Sang Prameswari mopo sowan ngestokake timbalan dalem kang kaaturake dening priyayi kadhaton mau, temah Sang Prabu duka banget nganti mangar-mangar pasuryane.

13 Sang Prabu tumuli ndangu marang para wicaksana, kang ngreti adat-tata-cara ing jaman samana, -- ujer kaya kaya mangkono iku lumrahe, sabarang prakara kang magepokan karo Sang Nata iku karembug dening sakehing para ahli angger-angger lan pangadilan;

14 dene kang cedhak dhewe karo Sang Prabu, yaiku: Sang Karsena, Setar, Admata, Tarsis, Meres, Marsena sarta Sang Memukan, priyagung pitu, panggedhene nagara Persia lan Media, kang diparengake mirsani pasuryane Sang Prabu lan kang kaparingan kalungguhan kang dhuwur ana ing sajroning karajan -- pandangune Sang Prabu:

15 “Awewaton undhang-undhang Sang Prameswari wajib kapatrapan apa, amarga ora ngestokake marang timbalane Sang Prabu Ahasyweros, kang kaaturake dening para priyayi kadhaton.”