1 Sawuse lelakon iku mau, bareng dukane Sang Prabu Ahasyweros wus sirep, panjenengane kengetan marang Sang Putri Wasti, lan apa kang wus ditindakake sarta mungguh tibaning putusan tumrap ing sarirane.
2 Ing kono para abdi kang ngladosi ana ing ngarsane, padha duwe atur mangkene: “Sang Prabu mugi kapadosna lare-lare estri, prawan ingkang endah ing warni,
3 Sang Prabu mugi karsaa matah priyantun ing saindenging tlatahipun karaton dalem, supados sami nglempakaken lare-lare ingkang ayu-ayu, kabektaa dhateng beteng kadhaton Susan, kapapana wonten ing kaputren, kapitadosna dhateng Hegai, priyantun kadhaton dalem, ingkang jagi kaputren; para kenya wau sami kaparingana geganda arum,
4 lan pundi ingkang dados keparengipun Sang Prabu punika kajunjunga dados Prameswari, nggentosi kalenggahanipun Sang Putri Wasti.” Atur pirembag kang kaya mangkono iku kadhahar dening Sang Prabu, tumuli katindakake mangkono uga.