1 Bareng wus tutug telung dinane Sang Prameswari Ester banjur ngagem busana kaprabon, tumuli jumeneng ana ing plataran njero madhep marang kadhaton, Sang Prabu mbeneri lenggah ing dhamparing karajan ana ing kadhaton.
2 Bareng Sang Prabu mirsani Sang Prameswari jumeneng ana ing plataran, Sang Prameswari Ester mau karentahan ing sihwilasa dalem, temah diathungi jungkating kaprabon kancana kang kaasta, Sang Prameswari Ester banjur marepeki ndumuk pucuking jungkat iku.
3 Sang Prabu tumuli ngandika: “He Prameswari Ester, apa karepmu, sarta apa panyuwunira? Mesthi bakal kaparingake, sanadyan ngantia saparoning karajan.”
4 Unjuke Sang Prameswari Ester: “Manawi wonten keparenging karsa dalem, Sang Prabu mugi nedhaki ing bujana ingkang badhe kawula saosaken kagem ing panjenengan dalem ing dinten punika, kaliyan malih Haman mugi kalilana ndherek.”