3 Lan sakehing panggedhene dhaerah lan para wakil peprentahan sarta para bupati apadene para kang nglakoni ayahane Sang Prabu, iku malah padha mbiyantu wong Yahudi, amarga kadunungan rasa wedi marang Sang Mordekhai.
4 Ujer Sang Mordekhai iku gedhe pangwasane ana ing kadhaton, sarta misuwur warata ana ing sakehing dhaerah, amarga Sang Mordekhai sangsaya mundhak pangwasane.
5 Wong Yahudi padha ngasorake sakehing satrune: padha ditempuh kalawan pedhang, padha dipateni sarta ditumpes, mungsuhe padha digawe ing sakarep-karepe.
6 Ana ing beteng kadhaton Susan bae wong Yahudi mateni lan numpes wong limang atus.
7 Uga Parsandata, Dalfon, Aspata,
8 Porata, Adalya, Aridata,
9 Parmasta, Arisai, Aridai, lan Waizata,