Nehemya 10:31-37 JAV

31 Lan manawa wong bangsa ing nagara kono padha nawakake dagangan utawa gandum warna-warna ing dina Sabat, mesthi padha ora daktuku, dadia ing dina Sabat utawa ing dina sengkeran liyane. Sarta maneh aku bakal padha ngetogake mangkono bae pametuning bumi ing taun kapitu lan ora bakal nagih piutang.

32 Sabanjure aku padha ngewajibake awakku dhewe kabeh, asok sapratelon sekel saben taun, kanggo pangibadah ana ing padalemane Gusti Allahku,

33 kanggo wragade roti sesaosan, kurban dhaharan ajegan, tuwin kurban obaran ajegan, uga kanggo ing dina-dina Sabat lan saben pendhak tanggal sapisan, apadene wragade sakehing riyaya kang katemtokake, kanggo pisungsung suci, lan kurban panebusing dosa, kanggo nganakake pirukun tumrap wong Israel sarta kanggo sarupaning pagawean ing padalemane Gusti Allahku.

34 Sarta kalawan nguncalake undhi aku kabeh, yaiku para imam, para wong Lewi lan wong lumrah, padha netepake sawijining patrap nyawisake kayu obong. Kayu iku kudu kagawa menyang ing padalemaning Allah, giliran, dening golonganing kulawargaku kabeh, ing wektu-wektu kang wus katemtokake ing saben taun, supaya ing misbyahe Sang Yehuwah, Gusti Allahku, ana geni kang murub, netepi apa kang katulisan ana ing kitab Toret.

35 Sarta maneh aku iya bakal padha nyaosake kawitaning pametuning bumiku, lan kawitane sakehing wohe karang kitri menyang ing padalemane Sang Yehuwah ing saben taun.

36 Mangkono uga anakku lanang pembarep lan anaking kewanku lanang pembarep bakal padha daksaosake marang ing padalemaning Allahku, yaiku marang para imam, kang nganakake kebaktian ana ing padalemaning Allahku, kaya kang katulisan ana ing kitab Toret. Uga pedhet-pedhetku lan cempe-cempeku kang pembarep.

37 Lan kawitane glepungku sair tuwin sakehing pisungsungku kang mligi, wohing sarupaning karang kitri, anggur lan lenga bakal dakgawa menyang ing ngarepe para imam, ing kamar-kamare padalemaning Allahku, sarta pisungsung saprasapuluhane sakehing pametuning bumiku marang para wong Lewi, amarga iya para wong Lewi iku kang narik pisungsung prasapuluhan ing sakehing kutha-kutha patanenku.