1 Bareng Sanbalat lan Tobia sarta Gesyem, wong Arab, apadene mungsuh kita liyane padha krungu, yen wus rampung anggonku mbangun balowarti lan wus ora ana kang bolong maneh, sanadyan ing wektu semana gapurane durung dietrapi ineb,
2 ing kono Sanbalat lan Gesyem mau banjur kongkonan ngajak marang aku: “Sumangga sami pepanggihan wonten ing kitha Kefirim ing lebak Ono!” Nanging wong-wong iku lugune sumedya gawe cilakaku.
3 Aku tumuli kongkonan nggawa wangsulan marang wong-wong mau: “Kula saweg nglampahi padamelan ingkang ageng, kula boten saged dhateng! Punapa prelunipun ngendeli padamelan punika, margi kula tilar manggihi panjenengan?”
4 Nganti rambah kaping pat anggone kongkonan marani aku kanthi patrap mangkono iku lan anggonku mangsuli patrape uga kaya mangkono.
5 Ing kono Sanbalat nuli kongkonan marang aku ping limane, carane iya kaya mangkono maneh, kang dikongkon andhahane, nggawa layang kang ora tutupan.
6 Dene layang iku surasane mangkene: “Ing antawisipun para bangsa wonten kabar sruwang-sruwing, lan Gasymu inggih ngleresaken, inggih punika bilih panjenengan kaliyan tiyang Yahudi sami sumedya mbalela, pramila sami mbangun balowarti. Punapa malih miturut wartos punika panjenengan ngangkah badhe jumeneng dados ratunipun.
7 Malah panjenengan sampun matah para nabi supados sami ngundhangaken bab penjenengan wonten ing Yerusalem, makaten: Wonten ratu ingkang madeg ing Yerusalem. Lah pawartos ingkang kados makaten punika badhe kapiarsa dening Sang Prabu. Pramila, sumangga, sami pepanggihan pirembangan!”
8 Nanging aku banjur kongkonan mangsuli: “Samukawis ingkang panjenengan ngandikakaken punika sadaya boten nate wonten. Punika namung ujar pagorohan.”
9 Amarga wong iku kabeh mung padha memedeni aku, gagasane: “Wong iku bakal padha nglirwakake pagaweane, temah mesthi ora bakal bisa rampung.” Nanging aku malah mbudidaya sakatog-katoge.
10 Nalika aku mara menyang ing omahe Semaya, bin Delaya, bin Mehetabeel, -- amarga dheweke kepalang nekani, --, kandhane: “Sumangga sami lumebet ing padalemanipun Gusti Allah, ing salebetipun Padaleman Suci saha sami ngancing korinipun, amargi wonten tiyang ingkang sami dhateng badhe nyedani panjenengan, malah ing wanci dalu punika anggenipun sami badhe nyedani panjenengan.”
11 Nanging wangsulanku: “Wong kaya aku iki apa iya arep mlayu? Endi ana wong pepadhaku kang bisa lumebu ing Padaleman Suci banjur isih lestari urip? Aku ora mangkat!”
12 Amarga aku ngreti, manawa wong iku ora diutus dening Gusti Allah. Dheweke anggone medharake wangsit tumrap ing aku iku amarga dibeseli dening Tobia lan Sanbalat.
13 Tumrap prakara iki anggone dheweke dibeseli, supaya aku wedia lan nglakonana kaya mangkono iku, temah aku tumiba ing dosa. Kanthi patrap mangkono anaa kang kanggo dadakan ngala-ala jenengku, temah banjur bisa nacad aku.
14 Dhuh Allah kawula, Paduka mugi ngengetana ing sapandamelipun Tobia kaliyan Sanbalat. Makaten ugi dhateng pratingkahipun nabi estri Noaja saha para nabi sanesipun, ingkang sami badhe ngajrih-ajrihi kawula.
15 Kacarita balowartine wus rampung, yaiku nalika sasi Elul, tanggal ping salawe, dadi ing sajroning seket loro dina.
16 Bareng sakehing mungsuhku padha krungu wartane, sakehing bangsa ing sakubengku padha wedi, amarga padha kaweleh lan ngreti, yen pagawean iku katindakake kalawan pitulungane Gusti Allah.
17 Nalika semana para pemimpin Yehuda padha ngirimake layang akeh marang Tobia lan iya padha tampa wangsulane,
18 amarga akeh wong ing Yehuda kang padha katalenan sumpah karo Tobia, jer dheweke iku kaprenah mantune Sekhanya, bin Arah, sarta anake Tobia kang aran Yohanan, iku ngrabeni anake Mesulam, bin Berekhya.
19 Kajaba iku wong-wong mau iya padha nyaritakake kabecikane Tobia ana ing ngarepku, sarta kabeh kandhaku dipratelakake marang dheweke. Tobia uga ngirimi layang marang aku kagawe meden-medeni aku.