Nehemya 4 JAV

Kawaspadan tumrap wong-wong kang ngalang-alangi pembangunan

4:1-23

1 Bareng Sanbalat oleh pawarta, yen aku padha mbangun balowarti, banjur muntab nepsune sarta banget lara atine apadene memada marang wong Yahudi,

2 lan celathu ana ing ngarepe para sadulure lan bala ing Samaria: “Wong Yahudi kang apes iku padha nggarap apa ta? Apa padha nyantosakake apa ta apa? Apa padha arep ngaturake pisungsung? Apa sadina bakal bisa rampung? Apa watune bakal padha kena diuripake maneh saka ing tumupukan jugrugan, kang wis padha entek kobong iku?”

3 Tobia, wong Amon kang ana ing sandhinge banjur ngucap: “Sanadyan wus dibangun maneh, saupama ana asu alasan mlumpat lan nyenggol, mesthi njugrugake tembok watu iku.”

4 Dhuh Allah kawula, mugi miyarsakna kados punapa anggenipun sami ngremehaken kawula. Pamadanipun mugi Paduka tempahaken dhateng sirahipun piyambak saha tiyangipun sami Paduka dadosna jarahan wonten ing tanah pambucalan.

5 Kalepatanipun mugi sampun Paduka tutupi, saha durakanipun mugi sampun ngantos Paduka lebur wonten ing ngarsa Paduka, amargi sami damel gerahing panggalih Paduka, sarana tindak-tandukipun tumrap para tiyang ingkang sami mbangun.

6 Nanging aku padha mbanjurake anggonku padha mbangun balowartine kaadegake nganti kemput, dhuwure wus oleh separo, amarga wong akeh padha mempeng banget anggone nyambutgawe.

7 Bareng Sanbalat lan Tobia sarta wong Arab, wong Amon lan wong ing Asdod padha oleh pawarta yen pembanguning balowartining Yerusalem iku tumindak rancag lan kang bedhah wiwit rapet, temah padha muntab nepsune.

8 Kabeh nuli saiyeg bakal nempuh perang marang Yerusalem sarta gawe rerusuh ana ing kono.

9 Nanging aku banjur padha ndedonga marang Gusti Allah, rina wengi padha mapanake pejagan, kanggo nanggulangi wong-wong iku, marga saka tangkepe kang mangkono iku.

10 Pangucape wong Yahudi: “Kakuwatane para wong kang mikul wis meh entek, lan jugrugane isih akeh banget. Aku padha ora keconggah mbacutake anggonku padha mbangun balowarti iki.”

11 Nanging para mungsuhku padha mikir: “Kana ora bakal padha sumurup lan ora bakal padha weruh apa-apa, nganti aku padha teka ana ing tengahe lan padha mateni wong-wong iku, sarta nglereni pagaweane.”

12 Bareng wong-wong Yahudi kang padha manggon ing sacedhake wus nganti ambal ping sapuluh anggone ngelingake marang aku: “Tiyang-tiyang punika badhe sami nempuh kita saking sakathahing papan padununganipun”,

13 aku banjur mapanake rakyat manut gotrah kulawangsane kalawan asikep pedhang, tumbak lan panah ana ing ledhokan ing saburine balowarti ing papan-papan kang lempar.

14 Sawuse kabeh dakulatake, aku tumuli ngadeg mituturi marang para pemimpin lan para panggedhe tuwin wong akeh liyane: “Sampun sami ajrih dhateng tiyang-tiyang punika, sami engeta dhateng Gusti Allah ingkang mahaagung lan nggegirisi sarta sami nglampahana perang nglabuhi sadherek-sadherek panjenengan, para putra panjenengan jaler estri, garwa panjenengan lan pemahan panjenengan.”

15 Bareng mungsuhku padha krungu, yen rancangane iku wus daksumurupi, lan wus diwurungake dening Gusti Allah aku banjur padha mbaleni balowarti maneh, siji-sijine menyang panggonane dhewe-dhewe.

16 Wiwit ing dina iku sabanjure balaku saperangan padha nglakoni pagawean, lan saperangan padha sikep tumbak, tameng tuwin panah, sarta nganggo klambi kere, dene para panggedhe ana ing samburining golongane wong Yehuda,

17 kang padha nggarap balowarti. Wong kang memikul lan usung-usung anggone padha tumindak ing gawe, tangane kang siji nyambutgawe, dene sijine nyekel gegaman.

18 Saben wong kang mbangun iku siji-sijine klawan njengkelit pedhang ing lambunge sarta kang ngunekake kalasangka ngadeg ana ing sandhingku.

19 Dene welingku marang para pemimpin lan para panggedhe tuwin wong akeh liyane: “Padamelan punika rowa lan wiyar tebanipun, dene kita sami pating prenca wonten ing balowarti, ingkang satunggal tebih kaliyan satunggalipun.

20 Manawi mireng swaraning kalasangka, nunten sami nglempaka murugi kula. Gusti Allah kita ingkang badhe nyarirani perang kita!”

21 Kaya mangkono anggonku padha nglakoni pagawean, dene saparone wong padha nyekel tumbak wiwit wetuning bang-bang wetan nganti tumeka jumedhuling lintang-lintang.

22 Ing nalika iku aku uga prentah marang rakyat: “Wong kabeh padha nginepa ana ing Yerusalem kene, karo balane, supaya ing wayah bengi padha nganakake pajagan kanggo aku kabeh, lan ing wayah awan padha nyambut gawe.”

23 Mangkono kaananku dhewe, sadulur-sadulurku, dalah balaku lan wong jaga kang padha melu aku, aku kabeh ora kober salin sandhangan. Siji-sijine nyekel gegaman ing tangane tengen.

Bab

1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13