1 Ing sasi Nisan, ing taun kang kaping rong puluhe paprentahane Sang Prabu Artahsasta, nalika aku nindakake kawajibanku nyawisake anggur, aku njupuk anggur daksaosake marang Sang Nata. Sarehne aku katon sedhih, kang pancen durung tau kelakon ana ing ngarsane Sang Prabu,
2 Sang Prabu banjur ndangu marang aku: “Yagene sira kok katon sedhih, sanadyan sira ora lara. Sira mesthi nandhang prihatin.” Dadine banget anggonku banjur wedi.
3 Unjukku marang Sang Prabu: “Sang Nata mugi sugenga ing salaminipun! Kadospundi anggen kawula boten sedhih, manawi kitha, pakuburanipun para leluhur kawula punika dados gempuran saha gapuranipun sami kabesmi?”
4 Pangandikane Sang Prabu marang aku: “Yen mangkono apa kang dadi panyuwunira?” Ing kono aku ndedonga marang Gusti Allahe saindenging langit,
5 sarta banjur munjuk marang Sang Prabu: “Manawi ndadosaken keparenging karsa dalem, dhuh Sang Prabu, saha manawi abdi dalem manggih sih wonten ing ngarsa dalem, mugi karsaa ngutus kawula dhateng tanah Yehuda, dhateng kitha pakuburanipun para leluhur kawula, kalilana punika kawula bangun malih.”
6 Ing kono pangandikane Sang Prabu marang aku, -- nalika iku Sang Prameswari lenggah ana ing sandhing dalem --: “Anggonira lelungan iku bakal sapira suwene lan besuk apa anggonira bakal bali?” Lan Sang Prabu banjur karsa ngutus aku, sawuse aku matur bab wektune marang panjenengane.
7 Aku nuli munjuk maneh marang Sang Prabu: “Manawi Sang Prabu manggalih prayogi, kawula mugi panjenengan dalem paringi serat-serat dhumateng para bupati ing sabranging benawi Efrat, supados sami nglilani lampahipun dalem ngantos dumugi ing tanah Yehuda.
8 Punapa dene serat dhateng Asaf, ingkang rumeksa kagungan dalem wana, supados nyukani kajeng dhateng kawula kangge dlurunging gapura-gapuraning betengipun Padaleman Suci, kangge balowartinipun kitha tuwin kangge griya ingkang badhe kawula enggeni.” Sang Prabu nuli iya njurungi panyuwunku, amarga astane Allahku kang mahamirah ngayomi aku.
9 Mangkono aku dadine nemoni para bupati ing sabranging bengawan Efrat sarta serate Sang Prabu daktampakake. Anadene mangkatku iku, awit saka dhawuhe Sang Nata, nganggo diiringake dening para panggedhening perang, kanthi bala jaranan sawatara.
10 Bareng Sanbalat, wong ing Horon lan Tobia, wong Amon, kang dadi abdi, padha krungu bab iku, temah banget anyele atine, amarga ana wong teka kang arep gawe raharjane wong Israel.
11 Kacarita aku wus tekan ing Yerusalem. Sawuse telung dina ana ing kono,
12 ing wayah bengi aku tangi karo wong sawatara kang melu aku. Ora ana kang dakkandhani, apa kang diosikake ana ing atiku dening Gusti Allahku tumrap kang bakal daktindakake ana ing Yerusalem, sanadyan kewan iya ora ana kang melu aku kejaba mung kewan kang daktunggangi bae.
13 Aku banjur metu ing wayah bengi, ngliwati gapura Lebak, ngener ing sendhang Ula Naga lan ing gapura Pawuhan, sarta niti-priksa balowartine Yerusalem kang padha mobrak-mabrik lan gapurane kang padha kaobong nganti entek.
14 Aku tumuli mbacutake lakuku menyang ing gapura Sendhang lan blumbang Ratu. Sarehne kewan kang daktunggangi ora bisa liwat ing kono,
15 aku banjur mlaku munggah metu ing kali asat ing wayah bengi kalawan niti-priksa balowartine kalawan tliti. Aku banjur bali lan lumebu metu ing gapura Lebak. Mangkono dadine aku nuli mulih.
16 Anadene para panggedhe ora sumurup aku mentas menyang ngendi lan apa kang wus daktindakake, amarga nganti tumeka saprene aku durung kandha apa-apa marang wong Yahudi, dadia marang para imam utawa marang para panggedhe; dadia marang para kang ngasta pangwasa utawa wong liyane kang kaampilan ayahan.
17 Ing kono wong-wong iku banjur padha dakkandhani: “Panjenengan sami nguningani ing kasrakatan ingkang kita alami punika, inggih punika bilih Yerusalem dados gempuran lan gapuranipun kabesmi. Milanipun sumangga sami mbangun balowartinipun Yerusalem, supados kita sampun ngantos kalajeng-lajeng dados cacadan malih.”
18 Nalika padha dakkandhani kaya apa anggonku wus diayomi dening Gusti Allahku kang mahamirah, sarta apa kang dadi pangandikane Sang Prabu marang aku, ing kono pangucape: “Inggih sumangga sami tumandang mbangun!” Lan kanthi ngetog kakuwatan anggone padha nglakoni pagawean kang becik iku.
19 Nanging bareng Sanbalat wong ing Horon lan Tobia, wong Amon, kang dadi abdi sarta Gesyem, wong Arab, padha krungu wartane iku, nuli padha moyoki lan ngremehake, pangucape: “Punapa ta kang sami panjenengan tandangi punika? Punapa panjenengan sami sumedya mbalela dhateng Sang Prabu?”
20 Aku mangsuli marang wong-wong iku, tembungku: “Gusti Allahipun saindenging langit, inggih Panjenenganipun punika ingkang murugaken kula sami saged ngrampungaken padamelan kula, kula para abdinipun sampun sami samekta mbangun. Nanging panjenengan sami boten kagungan panduman utawi wewenang lan boten badhe dipun engeti wonten ing Yerusalem!”