2 Wong-wong padha ngalembana, saben wong kang kanthi eklas manggon ana ing Yerusalem.
3 Iki pratelane bab para penggedhening propinsi Yehuda kang dedalem ana ing Yerusalem, dene ing kutha-kutha ing tanah Yehuda wong Israel padha manggon ing tanah darbeke dhewe-dhewe ana ing kuthane dhewe-dhewe: yaiku wong lumrah, para imam, para wong Lewi, para abdi ing padalemaning Allah lan turune para abdine Prabu Suleman.
4 Bani Yehuda lan bani Benyamin kang padha manggon ana ing Yerusalem yaiku: saka bani Yehuda: Ataya bin Uzia, bin Zakharia, bin Amarya bin Sefaya bin Mahalaleel, bin Peres,
5 lan Maaseya bin Barukh bin Kolhoze bin Hazaya bin Adaya bin Yoyarib bin Zakharia, turune wong Syela.
6 Sakehe bani Peres kang manggon ana ing Yerusalem, gunggunge ana patang utus sewidak wolu, padha wong gagah prakosa.
7 Lan iki turune bani Benyamin: Salu bin Mesulam bin Yoed bin Pedaya bin Kolaya bin Maaseya bin Itiel bin Yesaya.
8 Nuli Gabai, Salai: gunggunge sangang atus wolulikur.