27 Nalika balowartine kutha Yerusalem kasucekake, para wong Lewi padha ditimbali saka ing sakehe papan panggonane, kadhawuhan nglumpuk ana ing Yerusalem, supaya padha nucekake balowarti mau kalawan gambira, kambi ngucap sukur lan ngrepekake kidung, binarung swaraning kecer, slukat lan clempung.
28 Para pasindhen banjur padha nglumpuk saka king wewengkon ing sakiwa-tengene Yerusalem lan saka ing desa-desane wong Netofa,
29 saka ing Bet-Gilgal, saka ing ara-ara ing Geba lan Asmawet, awit para pasindhen mau padha ngadegake desa-desa ana ing sakubenge Yerusalem.
30 Para imam tuwin para wong Lewi sawuse nucekake badan, tumuli uga nucekake wong saumat kabeh lan uga gapurane tuwin balowartine.
31 Aku banjur akon para panggedhening wong Yehuda munggah ing dhuwur balowarti lan banjur ndhapuk juru ngidung rong golongan gedhe. Kang siji lumaku ana ing dhuwur balowarti manengen menyang ing gapura Pawuhan.
32 Ing saburine Hosaya karo saduman saka para panggedhene wong Yehuda,
33 uga Azarya, Ezra, Mesulam,