6 Semaya, Yoyarib, Yedaya,
7 Salu, Amok, Hilkia, lan Yedaya, iku para pangarepe imam kanthi para sadulure, nalika jamane Yesua.
8 Mungguh para wong Lewi yaiku: Yesua, Binui, Kadmiel, Serebya, Yehuda lan Matanya. Matanya iki lan para sadulure padha nuntun manawa ngrepekake kidung panuwun,
9 dene Bakbukya lan Uni sarta para sadulure padha ngadeg ana ing ngarepe gegolongan manut bubuhane.
10 Yesua nurunake Yoyakim, Yoyakim nurunake Elyasib, Elyasib nurunake Yoyadha,
11 lan Yoyadha nurunake Yonatan, dene Yonatan nurunake Yadua.
12 Nalika jamane Yoyakim mau kang dadi imam para panggedhene kulawangsa yaiku: Meraya saka kulawangsane Seraya, Hananya saka kulawangsane Yeremia,