1 Imam Agung Elyasib nuli tumandang ing gawe kanthi sadherek-sadhereke para imam, padha mbangun gapura Wedhus Gembel, disucekake sarta ditrapi inebe; anggone nucekake nganti tutug ing menara Mea lan menara Hananeel.
2 Ing sandhinge iku kang padha mbangun wong ing Yerikho, lan ing sandhinge maneh kang mbangun Zakur bin Imri.
3 Gapura Iwak kabangun dening bani Senaa, dietrapi dlurung-dlurung, ineb, kancingan lan slarak.
4 Ing sandhinge iku kang mbangun Meremot bin Uria bin Hakos, lan ing sandhinge iku kang mbangun Mesulam, bin Berekhya bin Mesezabeel, dene ing sandhinge iku kang mbangun Zadhok, bin Baana,
5 lan ing sandhinge maneh kang mbangun wong-wong ing Tekoa. Naning para pangarepe padha ora gelem nyangkul pagaweane bendarane.