Nehemya 5:10-16 JAV

10 Ugi kula saha para sadherek kula lan andhahan kula sami nyambutaken arta kanthi sareman punapa dene gandum dhateng tiyang-tiyang punika. Sambutanipun punika prayogi kita lilakaken kemawon.

11 Sumangga ing dinten punika ugi panjenengan wangsulaken pasitenipun, pakebonanipun anggur kaliyan pakebonanipun jaitun punapa dene griyanipun dhateng ingkang gadhah, ugi sambutanipun kaicalna, inggih punika arta saha gandum, anggur kaliyan lisahipun ingkang sampun panjenengan sambutaken dhateng piyambakipun.”

12 Ing kono pangucape wong-wong mau: “Inggih badhe kula wangsulaken, sarta tiyangipun boten badhe kula tagih punapa-punapa. Punapa pangandika panjenengan punika badhe kula lampahi.” Aku banjur nekakake para imam sarta wong mau padha dakkon ngucapake sumpah, yen bakal nglakoni ing kasaguhane iku.

13 Karodene aku iya ngebutake lempitaning jubahku klawan pangucap: “Kayaa mangkene anggone Gusti Allah bakal ngipatake saben wong kang ora netepi ing kasaguhane iku, dikipatake saka ing omahe lan saka ing wohing kangelane. Mangkono anggone kakipatake lan dadi kopong.” Wong sapasamuwan kabeh tumuli padha muni: “Amin,” banjur padha memuji marang Sang Yehuwah. Rakyat banjur padha netepi ing kasaguhane mau.

14 Malah uga wiwit aku winisudha dadi bupati ana ing tanah Yehuda, yaiku wiwit ing taun kang kaping rong puluh nganti tekan ing taun kang kaping telung puluh loro ing paprentahane Sang Prabu Artahsasta, dadi rolas taun lawase, aku karo para sadulurku padha ora tau njupuk panduman, kang dadi wewenange bupati.

15 Nanging para bupati sadurunge aku iku padha ngebot-eboti sesanggane rakyat. Para bupati iku padha mundhuti kanggo roti lan anggur sadinane patang puluh sekel salaka; malah para andhahane padha meres rakyat. Nanging aku ora tumindak mangkono, amarga wedi marang Gusti Allah.

16 Sarta maneh aku iya miwiti nglakoni pagawean mbangun balowarti iki, sanadyan aku padha ora oleh pategalan. Lan sakehing andhahanku padha dakkerigake mrana mligi kagawe nandangi pagawean iku.