14 Malah uga wiwit aku winisudha dadi bupati ana ing tanah Yehuda, yaiku wiwit ing taun kang kaping rong puluh nganti tekan ing taun kang kaping telung puluh loro ing paprentahane Sang Prabu Artahsasta, dadi rolas taun lawase, aku karo para sadulurku padha ora tau njupuk panduman, kang dadi wewenange bupati.
15 Nanging para bupati sadurunge aku iku padha ngebot-eboti sesanggane rakyat. Para bupati iku padha mundhuti kanggo roti lan anggur sadinane patang puluh sekel salaka; malah para andhahane padha meres rakyat. Nanging aku ora tumindak mangkono, amarga wedi marang Gusti Allah.
16 Sarta maneh aku iya miwiti nglakoni pagawean mbangun balowarti iki, sanadyan aku padha ora oleh pategalan. Lan sakehing andhahanku padha dakkerigake mrana mligi kagawe nandangi pagawean iku.
17 Wong Yahudi lan para panggedhe, kehe wong satus seket, kang kembul mangan ing mejaku, iku kajaba wong kang padha nekani aku saka ing antarane bangsa-bangsa kang ana ing sakiwa-tengenku.
18 Mungguh kang disadhiyakake ing sadina-dinane kang dadi tanggunganku yaiku: sapi siji lan wedhus pilihan nenem karo sato iwen sawatara; kajaba iku saben sapuluh dina anggur warna-warna nganti turah-turah. Ewadene aku ora njaluk panduman wewenanging bupati, amarga ayahan sesanggane rakyat wus abot.
19 Dhuh Allah kawula, supados kawula ngraosaken karaharjan, Paduka mugi karsaa ngengeti sakathahing pandamel kawula kangge bangsa punika!