Nehemya 5:5-11 JAV

5 Lah, sanadyan kula punika tunggil kulit daging kaliyan para sadherek sabangsa, lan anak-anak kula sami kaliyan anak-anakipun, ewadene kula kapeksa kendel kemawon para anak kula jaler lan estri sami dados abdi, malah anak kula estri wonten sawatawis ingkang kapeksa dados darbekipun tiyang. Kula sami boten saged tumindak punapa-punapa, amargi pasiten saha pakebonan anggur kula sampun dhumawah ing tanganipun tiyang sanes.”

6 Bareng aku krungu pangresulane wong-wong mau lan pawarta kang mangkono iku, aku banjur nepsu banget.

7 Sawise daktimbang-timbang sajroning atiku, aku tumuli nggugat marang para pemimpin lan para panggedhe kang nyekel pangwasa. Kandhaku marang wong-wong iku: “Panjenengan kok sami mendhet bathi langkung saking samesthinipun saking sadherek-sadherek panjenengan!” Aku banjur nganakake parepatan gedhe kang daktujokake marang wong-wong iku.

8 Pangucapku marang wong-wong mau: “Kula sadaya sasaged-saged tansah mbudidaya nebusi para sadherek kula tiyang Yahudi ingkang sampun sami kasade dhateng tiyang bangsa sanes. Nanging sapunika panjenengan kok malah sami nyade sadherek-sadherek panjenengan, supados sami kula tumbas malih!” Ing kono wong-wong mau padha meneng bae, marga ora bisa mangsuli apa-apa.

9 Aku nyambungi maneh: “Prakawis ingkang sami panjenengan tindakaken punika boten pantes! Panjenengan rak sami kawajiban tumindak klayan ajrih-asih dhumateng Gusti Allah kita, supados sampun ngantos dados cacadan tumrap bangsa-bangsa sanes, mengsah kita?

10 Ugi kula saha para sadherek kula lan andhahan kula sami nyambutaken arta kanthi sareman punapa dene gandum dhateng tiyang-tiyang punika. Sambutanipun punika prayogi kita lilakaken kemawon.

11 Sumangga ing dinten punika ugi panjenengan wangsulaken pasitenipun, pakebonanipun anggur kaliyan pakebonanipun jaitun punapa dene griyanipun dhateng ingkang gadhah, ugi sambutanipun kaicalna, inggih punika arta saha gandum, anggur kaliyan lisahipun ingkang sampun panjenengan sambutaken dhateng piyambakipun.”