1 Bareng balowartine wus rampung, aku banjur masang lawang-lawange. Sawuse iku banjur ngangkat jaga-gapura, pasindhen lan para wong Lewi.
2 Kawajiban ngawat-awati Yerusalem dakpasrahake marang sadulurku Hanani lan Hananya, panggedhening beteng, amarga Hananya iku wong kang kena dipracaya lan wedi marang Gusti Allah ngungkuli wong-wong liyane.
3 Aku banjur kandha marang wong-wong iku: “Gapura-gapura Yerusalem aja nganti diwengakake sadurunge srengenge panas sumelet, lan lawang-lawange kudu diinebake sarta padha kaslarakna ing sajrone wong isih padha nyambutgawe ana ing panggonane. Apadene padha mataha wong jaga panunggalane wong ing Yerusalem, siji-sijine anaa ing papan pajagan lan ing ngareping omahe.”
4 Anadene kutha iku gedhe lan jembar, nanging wong kang manggon ing kono mung sathithik, lan omah-omah durung nganti padha dibangun.
5 Gusti Allahku tumuli ngosikake atiku supaya aku nglumpukake para pemimpin lan para panggedhe kang padha nyekel pangwasa lan rakyat, supaya padha kacathetana ing sarasilah. Aku banjur nemu layang sarasilahe wong kang wus luwih dhisik anggone mulih. Ing sajroning cathetan iku tinemu pratelan kaya ing ngisor iki: