63 lan saka ing panunggalane para imam: bani Habaya, bani Hakos, bani Barzilai. Barzilai iku kang ngrabeni panunggalane anake Barzilai, wong Gilead, banjur karan jenenge kulawarga iku.
64 Iku padha niti-priksa, apa jenenge padha kasebut ana ing sarasilah, nanging ora tinemu, mulane banjur kaanggep ora suci lan ora kena dadi imam.
65 Lan tumrap wong-wong iku ditetepake dening kepala dhaerah, manawa ora kena mangan sesengkeran kang pinunjul, nganti ana imam kang tumindak kanthi ngasta Urim lan Tumim.
66 Sagolongane wong kabeh iku mau gunggunge ana patang puluh loro ewu telung atus sawidak;
67 iku kajaba abdine lanang lan wadon, kang cacahe ana pitung ewu telung atus telung puluh pitu. Ing antarane ana pasindhene lanang lan wadon rong atus patang puluh lima.
68 Jarane wong-wong mau ana pitung atus telung puluh nenem, bihale rong atus patang puluh lima,
69 untane patang atus telung puluh lima, kuldine nem ewu pitung atus rong puluh.